Kamis, 06 September 2012

Manut Pangadikanipun Gusti


Waosan: Lukas 5: 1-11.

Pamuji: KPK : 190
Nats: “Simon mangsuli, unjuke: Guru sampun sadalu muput anggen kawula sami nyambut damel kanthi saestu, boten angsal punapa-punapa, ewadene margi saking dhawuh Paduka, kawula inggih badhe ndhawahaken jala.”  (Ayat. 5)
http://www.orangmudakatolik.net
Salah setunggalipun kunci sukses kangge anak sekolah punika purun manut dateng gurunipun. Punapa ingkang dados piwucal lan pangandikanipun guru dipun mirengaken, dipun gatosaken lan dipun tindakaken. Boten namung ing bab pelajaran kemawon ananging ugi ing bab kadisiplinan, bab budi pekerti, bab tanggel jawab lan sanes-sanesipun. Mekaten ugi ing gesang bebrayatan, anak ingkang manut dateng tiyang sepuhipun temtunipun nuwuhaken kabingahan ingkang ageng kangge tiyang sepuhipun.
Ing waosan kita nyariosaken Gusti Yesus nimbali para sakabatipun ingkang wiwitan. Gusti Yesus miji dateng tiyang ingkang sederhana, juru amek iwak. Sak sampunipun memucal dateng tiyang kathah, piyambakipun nyuwun supados Simon nyebar jalanipun ing tengah seganten. Simon manut dateng dawuhipun Gusti Yesus, piyambakipun ndhawahaken jala lan sak sampunipun kaangkat, jala punika kebak iwak ngatos jalanipun bedhah karana kathahipun. Selajengipun Simon, Yakobus lan Yokanan ninggalaken prau lan pirantinipun lajeng ndherek Gusti Yesus.
Gusti Yesus sampun nimbali dateng kita. Ing pendamelan kita sadinten-dinten, Gusti kersa makarya, Gusti paring berkah lan kacekapan kados dene dateng Simon. Ingkang dados karsanipun Gusti Yesus, kita punika manut dateng pangandikanipun. Kita boten ragu-ragu, nanging manteb ing pracaya. Manut pangandikanipun Gusti ateges kita tansah mirengaken, gatosaken saha nindakaken punapa ingkang dados karsanipun Gusti kangge gesang kita.  Salah setunggaling pangandikanipun Gusti Yesus inggih punika kita tresna dateng Gusti lan sesami. Katresnan kita dateng Gusti lan sesami boten namung ing manah lan pangucap  kemawon, nanging ugi kawujud ing tumindak nyata ing gesang kita sadinten-dinten. Mugi kita saged dados pandherekipun Gusti Yesus ingkang tansah manut lan setya tuhu dateng sedaya pangandikanipun. (AR)

“Manut dateng Gusti kawujud ing katresnan kita dateng sesami”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar