Rabu, 12 September 2012

Tumemen Ing Pakaryan !


Waosan: 1 Korinta 7: 25-31.
Pamuji : KPK  322
Tamtu kita sampun nate mireng utawi mangertos tembung “Deadline” (kawaos: dedlaen), ingkang tegesipun wates waktu kangge pendamelan kita. Liripun bilih pandamelan kita kedah rampung ing waktu ingkang katamtokaken. ing antawisipun mahasiswa wonten istilah SKS (Satuan Kredit Semester), nanging lajeng menika dipun plesetaken dados Sistem Kebut Semalam. Menika asring kelampahan menawi tugas nyerat paper ingkang deadline-ipun kantun sedinten malih, sinaosa sejatosipun sampun kaparingan wekdal dangu. Menawi sampun mekaten ingkang kalampahan nggih “pokoke rampung penggaweane, soal kualitas urusan mburi”
Menawi sampun cetha deadline-ipun, kita saged ngrancang menapa kemawon ingkang kedah katindakaken. Menawi boten saged rampung, sampun boten wonten ginanipun. Mekaten ugi gegayutan kaliyan pakaryan ingkang dados timbalan kita minangka kagunganipun Gusti Allah. Kita pinaringan tanggel jawab ingkang sejatosipun ugi winates wekdalipun. Menawi menika sampun dumugi wancinipun, sampun boten saged dipun ewahi malih. Rasul Paulus ngengetaken bilih wekdal nindakaken tanggel jawab menika sampun celak. Anggenipun ndherek ing pakaryan mbabaraken tentrem rahayu ing salumahing bumi sampun badhe dumugi deadline-ipun, sampun boten wonten wekdal kangge “duduk manis”, santai, lsp. Pramila kangge kita sedaya, sumangga kita saged langkung “fokus” (ngeneraken penggalih) wonten ing pakaryan saha gesang peparingipun Gusti. Sampun boten wonten malih wekdal kangge perkawis ingkang boten perlu, tanpa guna, boten maedahi. Napa malih perkawis-perkawis ingkang saged nuwuhaken persoalan-persoalan enggal ing gesang menika. Menawi kita boten mbereg gesang kados mekaten, tanggel jawab ingkang kita sandhang temtu boten badhe kalaksanan kanthi maksimal, menawi boten maksimal ingkang wonten namung  “ngene ae wis cukup, pokok rampung”. Amin. (fhp)
“Wong kang tumemen bakal oleh teken,  yen wis oleh teken bakal tekan”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar