Sabtu, 08 September 2012

Mantep Ing Pracaya


Waosan:  Kolose 1: 21-23.
Pamuji: KPK  79
Nats: “… kowe kudu padha mantep ing pracaya, tetep santosa ora keguh …” (ayat. 23)
Kita sadaya sami pitados dhateng agunging pangwasanipun Gusti. Boten wonten pangwasanipun sintena kemawon ingkang nyameni pangwasanipun Gusti kita Yesus Kristus; punapa malih ingkang nglangkungi, boten wonten babar pisan. Kita sadaya ugi pitados dhateng agunging sih katresnanipun Gusti dhateng kita, malah dhateng jagad saisinipun. Boten wonten sih katresnanipun sintena kemawon ingkang nyameni, punapa malih nglangkungi, agung, tulus lan suciningg sih katresnanipun Gusti Allah kita. Boten wonten sih katresnan lan pangwasa ingkang saged nyaketaken manusa dosa dhateng pangayunanipun Gusti Allah. Kita malah dipun caketaken dening sih katresnan lan pangwasanipun Gusti ngantos kados bayi ingkang wonten ing pepangkonipun kang rama. Kita sanget dipun tresnani dening Gusti Allah inggih Rama kita ingkang maha asih darma.
Nanging nyatanipun kapitadosan kita asring boten ajeg. Sok mantep nanging ugi sok miyar-miyur. Karana kapitadosan ingkang mantep lajeng kita ndedonga lan pasrah dhateng pangwasa lan sih katresnanipun Gusti. Nanging boten dangu sasampunipun ndedonga lan pasrah, manah kita sampun mangu-mangu, lajeng apitaken piyambak: “Mengko yen gagal, piye ya?” “Mengko yen ora cukup, piye ya?” “Mengko yen ora waras, piye ya?” lan pitaken-pitaken sanesipun ing salebeting manah kita. Kita sami dipun engetaken supados iman kapitadosan kita santosa lan boten keguh. Yen kita sampun ndedonga kanthi pitados lan pasrah, salajengipun kita kedah tetep pitados kados pandonga kita. Lah makaten ugi Gusti Allah Rama kita. Sepisan tresna dhateng kita, inggih tetep tresna dhateng kita, boten nate owah gingsir. Nadyan kadosa pundi patrap lan tindak-tanduk kita, Gusti Allah tetep tresna dhateng kita manusa. Makaten ugi kita. Nadyan kadosa pundi kawontenan kita, nadyan kadosa pundi kawontenan sakiwa tengen kita, kita kedah tetep mantep pitados kados kapitadosan kita wonten ing nagrsanipun Gusti, kados ing salebeting pandonga kita. Amin. [ST]
“Sepisan pracaya, tetepa mantep pracaya!”
“Sekali percaya, tetap teguhlah percaya!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar