Senin, 10 September 2012

Mbelani Tiyang Ringkih


Waosan: Lukas 6: 6-11.
Pamuji : KPK  274
Tiyang ingkang cacat, bodho, mlarat saha tiyang alit, punika umumipun boten wonten ingkang migatosaken. Ananging ing waosan kita dinten punika, Gusti Yesus mbelani tiyang ingkang cacat inggih punika tiyang ingkang ceko tanganipun sisih tengen. Awit saking sih katresnanipun ingkang ageng, Gusti Yesus wantun “nerak” pranatan dinten Sabat. Inggih punika boten kenging nindakaken pendamelan. Lha ing ngriki cetha Gusti Yesus paring wangsulan bab menika: “Aku takon marang kowe : apa kang kepareng ditindakake ing dina Sabat, gawe becik, apa gawe ala, nylametake apa ngrusak jiwa?” (ayat 9).
Tiyang ceko ingkang tanpa pangaji. nanging tumraping Gusti tiyang punika dipun ajeni. Mila perlu dipun wilujengaken. Awit tiyang punika inggih aji kados tiyang sanes. Gusti Yesus estu sumbering pangajeng-ajeng tumrap sinten kemawon, kalebet tiyang cacat, tiyang alit saha tiyang mlarat. Swawi sesarengan ngidungaken piwulangipun Sang Guru Sejati ing tembang Macapat kapendhet saking INJIL PAPAT ingkang kaserat dening G.P.SINDHUNATA, SJ lan AG. SUWANDI.
Pangkur :
YEN GUSTI MARASAKE JALMA
ING DINA SABATH KENA DINGGO NUDING
MINANGKA DADAKAN NUTUH
NGLUPUTKE GUSTI UGA
NANGING GUSTI PIRSA BATINE WONG MAU
NULI DEN TIMBALI MARAK
WONG APUS TANGANE IKI
NGADEKA LAN MAJU NENGAH
WONG MAU NGADEG TUMULI MANGARSI
PANANDIKANE SRI YESUS
SUN TAKON MARANG SIRA
KENA TUMINDAK BECIK APA TINDAK DUR
YEN PINUJU DINA SABATH
NULUNG JIWA PA MATENI
 (DW)
“Nandukake katresnan marang Gusti kasunyatan ing tumindak becik marang wong ringkih”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar