Selasa, 04 September 2012

Tak Kenal Maka Tak Sayang


Waosan: I Kor 2: 10  16
Pamuji: KPK 61: 1, 2
Nats: “Kita ora nampani rohe jagad, nanging Sang Roh kang asale saka Gusti Allah, supaya kita bisa nyumurupi apa kang dadi sih peparinge Gusti Allah marang kita” (ayat 12)
Tak kenal maka tak sayang. Paribasan punika nggambaraken bilih menawi dereng tepang kanthi saestu, tiyang dereng saged paring penilaian dhumateng punapa kemawon, malah-malah dhateng tiyang sanes. Pramila yen dereng tepang sacara pribadi, sampun kesesa ndhawahaken  sae lan awoning tiyang sanes. Gusti Yesus sampun makaping-kaping anggenipun nepangaken lan nedahaken jati dhirinipun. Nadyan para sekabat sampun gesang sesarengan sawetawis wekdal, jebul dereng saged tepang kanthi saestu lan dereng saged masrahaken gesang sawetah dhumateng Gusti Yesus. Menawi para sekabat kemawon dereng saged kanthi gamblang tepang sacara pribadi kaliyan Gusti Yesus, punapa malih tiyang sanes ing jamanipun. Langkung-langkung para ahli Toret lan tiyang Farisi ingkang saking wiwitan sampun ndhawahaken awoning Gusti Yesus karana boten manut ing tatanan Toret.
Para sekabat, malah-malah ahli toret lan tiyang Farisi, rikala semanten namung ngendelaken nalar lan pamanggihipun piyambak. Ananging menawi purun katutun dening kawicaksananing Rohipun Allah, tamtu sedaya saged dipuntampeni minangka wujuding katresnanipun dhumateng manungsa. Allah karsa ngasoraken drajatipun dados manungsa ingkang kebak kekirangan, maringi tuladha gesang, karsa nandhang sangsara seda sinalib. Pakaryanipun Gusti Allah punika boten saged dipun nalar dening pamikiranipun manungsa, boten saged kaanggep nerak tatananing Toret lan cak-cakanipun.
Sumangga kita tansah mbudidaya tepang sacara pribadi kaliyan Gusti klayan sadaya pakaryan lan sihipun. Kathah tiyang ingkang dereng tepang sinten ta Gusti Allah kita lan kados pundi greja punika; dereng tepang kados pundi greja kita GKJW. Pramila sumangga kita lajengaken anggen kita nepangaken sihipun Gusti, nepangaken greja kita dhateng tiyang sanes. Supados boten sami klentu panampi. (PKS)
“Aja ngluputake liyan kang kliru mengerteni dhiri kita  yen kita ora tau nepungake dhiri kita dhewe”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar