Sabtu, 24 Maret 2012

Sinten Ingkang Mbelani ?


Waosan : Yokanan 7: 40-53
Pujian 
: KPK 47
Nats: “Punapa angger-angger kita ngukum tiyang, saderengipun tiyang punika dipun priksa lan dipun yektosi pratingkahipun ?” (ay 51)

Tanggal 1 Desember 2011, Nazarudin (terdakwa kasus korupsi wisma atlet) nglampahi persidangan ingkang sepisanan. Wonten ing sidang menika Nazarudin rumaos dipun zolimi awit Nazarudin dipun dakwa ananging rumaos boten dipun priksa. Pramila hakim paring wekdal dumateng Nazarudin murih ngaturakenpledoi (pembelaan) tumrap sedaya pandakwanipun jaksa. Gegayutan kaliyan pandakwa estunipun sedaya ukum kalebet ukum ing jamanipun Gusti Yesus ugi mranata bilih tiyang ingkang dipun dakwa kedah dipun priksa rumiyin. Menika saged kita pirsani wonten cariosipun Nikodhemus inggkang mbelani Gusti Yesus manut prosedur ukum ingkang dipun ugemi dening tiyang Farisi sarta pangagenging para imam. Estunipun menika mbebayani tumrap kalenggahanipun Nikodhemus. Kenging menapa Nikodhemus wantun nanggelresiko ingkang mbebayani menika?
Nikodhemus nate meguru ngelmu kasampurnaning gesang bab lair enggal. Lantaran piwucalipun Gusti Yesus, Nikodhemus pikantuk ngelmu sejati. Pramila Nikodemus anggenipun wantun belani Gusti Yesus menika krana mangertos bilih Gusti Yesus punika guru sejati, ingkang yektos, ingkang tumurun sang Allah. Nadyan saking golonganing mengsah, Nikodhemus bebela dhateng Gusti Yesus.
Kita ingkang sampun meguru lan pitados dhateng Gusti Yesus kedahipun ugi bebela dhumateng Gusti Yesus. Bebela dhumateng Gusti Yesus tegesipun mbelani “saduluringSun kang asor dhewe” (Mat 25: 40), inggih menika ingkang miskin, kaluwen, ngelak, kawudan, katindhes, sakit lan kinunjara. Tiyang-tiyang menika ingkang kedah kita belani murih pikantuk kaadilan, karahayon lan katentreman sejatos. Amin. (to2k)
“Sapa mbelani Gusti, kudu mbelani wong cilik. Sapa mbelani wong cilik, mesthi dibelani Gusti.”
Sumber teks : gkjw.web.id

Tidak ada komentar:

Posting Komentar