Jumat, 02 Maret 2012

Pranatan Katentreman


Waosan: Matius 5: 20-26
Pujian: 
KPK 73: 1, 3
Salah paham, salah pangertosan, saged dados sumbering crah. Rawuhipun Gusti Yesus punika ndadosaken ahli-ahli Toret lan para tiyang Farisi lajeng siaga satu! Piwulangipun Gusti Yesus karaosaken boten selaras kaliyan Toret. Saged karaos makaten karana Toret sampun kareka-reka sakpikajengipun piyambak lan mlajeng saking inti sarinipun, ingkang sejatos nggih punika tresna dhumateng Gusti lan sesami.
Pakaryanipun Gusti Yesus boten ngicalaken pranataning gesang ingkang katata ing Toret. Pancen Gusti Yesus kados-kados maringi pranatan enggal, ananging punika boten cengkah kaliyan pranatan Toret, malah ndadosaken langkung gamblang malih kados pundi kedah nindakaken pitedahipun Gusti.
Tuladhanipun ing pranatan bab mejahi. Gusti Yesus nyamekaken patrap punika sami kaliyan nepsu, lan ngunekaken saduluripun kapir, ugi kedah nglampahi paukuman ingkang sami. Makaten ugi tumraping tiyang ingkang badhe ngunjukaken pisungsung lan ngraosaken wontening pepalang ing manah karana benthik kaliyan sedherekipun, punika ugi kasuwun ngrampungi rumiyin nembe nunten ngunjukaken pisungsung. Cetha sanget bilih miturut Gusti Yesus, pandamel dosa punika boten kawiwitan saking tumindak, ananging saking pikiran lan pepinginaning manah. Lan punika wiwitaning  lampah dosa. Pranatan punika ingkang boten saged dipun galih kanthi lebet tumraping ahli Toret.
Pranatan enggal punika wujud agenging sihkatresnanipun Gusti Allah, ingkang langkung gamblang malih nata gesang para umat. Intinipun inggih lampah tresna ingkang kedah pinunjul ing antawisipun sedaya pranatan lan laku gesanging manungsa. Sumangga kita sami mbudidaya manut tuladha lan piwulangipun  Gusti. Yen kita purun, remen lan saged netepi pranatanipun Gusti gesang kita mesthi kebak ing katentreman. (PK)
“Saseneng-senenge wong kang nerak pranatan, tetep luwih ayem kang netepi pranatan.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar