Rabu, 14 Maret 2012

Lumebu ing Kratoning Swarga


Waosan: Mateus 5: 17-20
Pujian   : 
KPK 325
Nats : “…. manawa kasampurnanmu ora ngungkuli kabeneraning para ngulama lan para wong Farisi, kowe mesthi ora bakal lumebu ing Kratoning Swarga…..” (ay 20)
Sadaya tiyang ing alam donya nggadhahi pepinginan mangertos bab Kraton Swarga. Waosan kita dinten menika boten paring katrangan kados pundi Kraton swarga menika, nanging kados pundi tiyang saged lumebet Kratoning Swarga. 
Gusti Yesus boten paring katrangan bab Swarga, krana tiyang-tiyang ing sakiwa-tengenipun Gusti Yesus sami pitados bilih swarga menika pancen wonten. Boten krana wonten tiyang ingkang sampun tindak Swarga, nanging awit pancen makaten punjering kapitadosanipun tiyang Yahudi. Pramila ingkang dipun tedahaken dening Gusti Yesus inggih menika “syarat”-ipun mlebet swarga, inggih menika nglampahi gesang kanthi sampurna. Bilih ahli Toret lan Farisi nglampahi gesang sampurna srana nindakaken Toret lan kitabe para nabi estunipun pandherekipun Gusti Yesus kedah ugi nindakaken malah langkung dumugi Toret lan kitabe para nabi.
Bilih tiyang Farisi lan ahli Toret nindakaken menapa ingkang kaserat, pandherekipun Gusti Yesus langkung saking ingkang kaserat inggih menika ingkang kasirat. Supados mangertosi menapa ingkang kasirat ing Toret lan kitabe para nabi pramila pandherekipun Gusti Yesus kedah mangajengaken rohipun Toret lan kitabe para nabi. Menika ngemu teges bilih Toret lan kitabe para nabi boten barang mati ananging barang ingkang gesang inggih menika mranata pigesangan. Gusti Yesus boten nyirnakaken Toret lan kitabe para nabi, nanging malah nyampurnakaken. Dados Toret lan kitabe para nabi menika saged mranata gesang ingkang sampurna yen kinanthenan  pitados dumateng Gusti Yesus. Wonten ing Gusti Yesus kita saged mangertos jiwaning, wosing Toret lan kitab para nabi, inggih menika kasaenan, kaadilan lan katresnan. Inggih jiwa lan wosing Toret lan kitab para nabi menika ingkang dados kasampurnaning gesang. (to2k)
“Kapitadosan lan pangibadah boten sampurna yen boten kinanthenan kasaenan, kaadilan lan katresnan”
Sumber tulisan : gkjw.we.id

Tidak ada komentar:

Posting Komentar