Selasa, 06 Maret 2012

Boten Mbalela


Waosan  : Yesaya 1 : 10 – 20
Pepujian : 
KPK 163 : 1, 3
Nats: “Menawa sira padha mbangun miturut lan gelem ngrungokake, sira bakal padha mangan wulu-wetuning nagara iku kang becik.”
 (Ay. 19)
Wonten tiyang sepuh ingkang prajanji dhateng putranipun. “Nak, mengko yen kowe sinau temen-temen lan lulus ujian, kowe dak tukokke sepeda.” Anak punika manut dhateng tiyang sepuhipun, sinau kanthi temen lan lulus sekolah kanthi biji ingkang sae. Bapakipun bingah, lajeng numbasaken sepeda kados prajanjinipun.
Kawontenanipun bangsa Israel kaliyan Gusti Allah saged dipun gambaraken kados hubungan bapak kaliyan putranipun. Nabi Yesaya paring pameca (nubuatan) supados bangsa Israel mbangun miturut lan mirengaken pangandikanipun Gusti. Gusti Allah prajanji badhe mberkahi bangsa Israel ingkang setya. Bangsa Israel badhe dipun cekapi tetedhanipun, dipun rimati gesangipun, lan dipun tebihaken saking bebaya. Kosok wangsulipun yen bangsa Israel mbalela lan nglawan Gusti Allah, Gusti Allah paring paukuman. Pramila Nabi Yesaya ngemutaken bangsa Israel, supados mratobat. Karana pramatobat punika langkung unggul tinimbang caos kurban.
Prajanjinipun Gusti Allah boten namung kangge bangsa Israel, nanging ugi kangge kita. Mangga kita mbangun miturut dhateng Gusti. Karana Gusti dados sumbering berkah lan netepi prajanjinipun dateng kita. Badhe langkung prayogi malih yen anggen kita mbangun miturut dhateng Gusti punika boten karana anggen kita kepingin pikantuk berkahipun Gusti, ugi boten karana ajrih dhateng paukumanipun Gusti. Nanging karana anggen kita boten kepingin nguciwani Gusti Allah Rama kita ingkang nresnani kita. Nanging anggen kita kepingin tansah damel marem lan renaning panggilihipun Gusti. (AR)
“Gusti Allah netepi prajanjinipun dhateng manungsa ingkang boten mbalela”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar