Rabu, 28 Maret 2012

Ajeg


Waosan               : Yokanan 8: 31-42
Pujian                   : KPK 85 : 1, 2
Sinten ingkang dereng nate mireng asmanipun Mohandas Karamchand Gandhi swargi, tilas Perdana Mentri India. Sampun 64 tahun, priyagung punika seda, ananging Gandhi taksih dados figur ingkangkharismatik. Prinsip gesangipun dados panutan dhumateng gesanging manungsa mliginipun kagemtokoh-tokoh perdamaian dunia, kados martin Luther King lan Nelson Mandela. Salah satunggaling prinsipgesangipun inggih punika ahimsa (anti kekerasan). Tumindakipun boten mbenten-mbentenaken sintena kemawon, nadyan umat agami sanes ingkang benten kaliyan penjenenganipun, ingkang Hindu.  Ananging margi tumindakipun ingkang makaten lajeng wonten satunggaling umatipun ingkang rumaos bilih Gandhi langkung mbelani umat Muslim rikala samanten. Prinsip gesang rukun lan tentrem kaliyan sadaya titah ingkang dados titikanipun.
Ing waosan punika kita ningali wonten pitakenan-pitakenan teologis antawisipun Gusti Yesus kaliyan para imam kepala lan ugi tiyang Parisi, ingkang ngener dhateng bab asal usulipun, ingkang sami-sami rumaos saking Gusti Allah (ayat 41, 42). Miturut imam kepala, kamurniaan iman ingkang wekdal punika kaanut nyata-nyata saking Rama Abraham, inggih kapitadosan dhumateng Gusti Allah. Ananging miturut Gusti Yesus, punika sampun boten murni malih karana wonten sikap drengki, srei, ingkang tumuju dhateng niat mejahi. Punika asalipun saking “bapakmu dhewe”(ayat 41), sanes saking Gusti Allah.
Kathah tiyang ingkang ngaken pitados dhateng Gusti Allah, nanging boten makaten lakunipun. Punika boten ateges, menawi sampun dados pandherekipun Gusti Yesus punika kedah sampurna. Ananging sinau saking prinsip gesangipun Gandhi, ingkang ajeg nindakaken punapa ingkang dipun ugemi, inggih gesang rukun kaliyan tiyang sanes, andum sihkatresnan ngantos dumugi ing pati. Niba tangi punika bab limrah ing pigesangan, bakunipun kita taksih nggadhahi semangat nuladha lan laku ajeg ndherek pitedahipun Gusti. (PK)
“Kabecikan kang ajeg, mbangun kapribaden luhur”
Sumber Teks: gkjw.web.id

Tidak ada komentar:

Posting Komentar