Senin, 12 Maret 2012

Ora Kajen



Waosan : Lukas 4: 24-30
Pujian 
: KPK 175 : 1, 5
Nats: “…sanyata ora ana nabi kang kajen ana ing tanah asale…”(ay 24)
Punapaa kok Gusti Yesus punika boten kajen wonten ing papan asalipun piyambak? Kasunyatan lintunipun ugi asring kita tingali. Kathah politisi, ilmuwan, ahli ekonomi bangsa ingkang ugi ngraosaken bab ingkang ugi boten dipunajeni lan boten dipunagem ngelmunipun dening tiyang sanes.
Sinten ingkang boten mangertosi asal-usulipun Gusti Yesus? Punapa malih nalika Gusti Yesus wiwit makarya mbabaraken kabar kabingahan. Sedaya sami mangertos. Gusti Yesus sanes saking golongan Farisi, Ahli Toret ingkang sampun puluhan tahun nggegilut Kitab Suci. Ing waosan punika Gusti Yesus namung lare anem, ingkang asalipun saking kitha alit Nazaret. Padamelanipun kados dene Bapakipun, dados tukang kayu. Ananging Gusti Yesus kagungan pakulinan ingkang boten limrah, inggih punika remen sanget sinau sesarengan, diskusi bab iman lan Kitab Suci kaliyan tiyang-tiyang Yahudi ing Padaleman Suci.
Latar belakang Gusti Yesus ingkang makaten punika mbokbilih ingkang mendominasi pamawasipun tiyang kathah, pramila lajeng ngiwakkaken pawartos ingkang kaasta dening Gusti Yesus. Makaten para ahli Torat lan tiyang Farisi anggenipun paring penilaian dhumateng Gusti Yesus. Punapa malih tiyang-tiyang punika tansah ngugemi bilih Sang Mesih ingkang kaantu-antu punika tedhak turunipun Sang Prabu Dawud. Gambaran Raja politis ingkang kuwaos ngluwari Bangsa Israel saking panindhes ugi dados ukuran ingkang boten saged dipunowahi.
Mbokmanawi kita ugi nate ngraosaken boten kajen karana dados pandherekipun Gusti Yesus. Sampun lampah utami nanging tetep boten dipunajeni karana milih margi ingkang boten umum, boten sami kaliyan lampahipun adatipun tiyang sanes. Yen makaten punika kadhang kala kita rumaos ngenes. Nanging sampun ciyut ing manah! Gusti Yesus Putraning Allah ugi nate ngraosaken boten kajen ing antawis bangsanipun piyambak, ananging boten nyurutaken lampah. (PK)
Luwih becik kajen ing ngarsane Gusti, tinimbang pangalembana ing antarane para durjana”
(sumber : gkjw.web.id (tulisan ) dan 4.bp.blogspot.com (gambar))

Tidak ada komentar:

Posting Komentar