Kamis, 08 Maret 2012

Kere Munggah Bale



Waosan : Lukas 16: 19 – 31
KPK : 187
Nats: “….Angger, elinga, yen kowe wis tampa samubarang kang becik salawase uripmu, nanging Lazarus tampa samubarang kang ora apik. Saiki dheweke tampa panglipur, dene kowe nandhang sangsara banget…”
Limrahipun kita anggadahi pepinginan: cilik kepomo, tuwa kepomo donya, mati mlebu swarga (kecil dimanja, tuwa kaya raya). Unen-unen menika ngatingalaken bilih gesang ing alam donya kalajengaken gesang ing swarga. Saking waosan dinten menika kita saged mangertos bilih kahanan gesang ing alam donya (bingah lan sangsara) boten kalajengaken wonten ing alam baka. Ananging menapa ingkang katindakaken wonten ing alamdonya menika ingkang dados ukuranipun kahanan kita saksampunipun kita pejah.
Kados dene Lazarus inggih menika “kere minggah bale” saksampunipun seda, awit nalika gesang wonten ing alam donya ngraosaken gesang ingkang rekaos lan boten dipun gape dening tiyang sanes. Krana sanget anggenipun ngraosaken kasangsaran, Lazarus lajeng nalika seda pikantuk kanugrahan mlebet ing swarga nunggil kaliyan Rama Abraham. Kosok wangsulipun  kaliyan tiyang sugih menika ingkang nalika gesang wonten alam donya sampun tuwuk ing kabingahan. Estunipun ingkang dados pambengan tumrap kratoning swarga sanes donya ananging kados pundi anggenipun tiyang sugih menika migunakaken donya. Tiyang sugih menika ngginakaken donyanipun anamung kagem bujeng pekaremanipun piyambak lan boten maelu dhateng tiyang miskin ingkang mbetahaken pitulungan.
Pramila para kinasih, estunipun menapa ingkang kita lampahi wonten ing alam donya menika ugi namtokaken sanget kados pundi nasib kita kalanggengan. Yen kita estu ndherek Gusti Yesus tamtu kita saged ngginakaken berkahipun kados ingkang dipun kersakaken dening Gusti. Gusti mberkahi kita supados kita dados marganing berkah kagem tiyang sanes. (to2k)
“Berkahipun Gusti badhe nyilakani kita yen namung kita regem piyambak”
(gkjw.web.id dank cm.co.kr)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar