Senin, 26 Maret 2012

Kapok Lombok


Waosan: Yokanan 8: 1-11
Nats       : 
“……wiwit saiki aja gawe dosa maneh!” (11).
KJ            : 
KPK 163:1-3.
Tiyang ingkang remen dhahar pedhes, nadyan nalika ngraosaken dhaharan pendhes kraos kapedhesen ngantos ngowah-owah… kados sampun kapok. Nanging salajengipun inggih taksih dhahar dhaharan pedhes malih, sajatosipun boten nate kapok kapedhesen.
Kathah tiyang ingkang tumindak dosa, sampun dipun engetaken, malah dipun ukum ing pakunjaran, salajengipun taksih ngambali tumindak dosa malih, tumindak ingkang sami. Tiyang ingkang makaten punika kasebut kapok lombok.
Kita sadaya punika tiyang dosa; kathah lan ageng sanget dosa kita. Nyatanipun sinten ingkang saged ngetang cacahing dosanipun piyambak? Boten wonten, ta? Punika awit saking kathahing dosanipun. Ewasamanten Gusti Yesus boten ngukum kita, malah kapara ngapunten kita, mbirat sakathahing dosa kita, ngresiki lan malah nucekaken gesang kita kalayan rahipun ingkang suci. Makaten agung lan luhuring katresnanipun dhateng kita, tiyang dosa.
Kita ugi kadhawuhan “….wiwit saiki aja gawe dosa maneh!” Gusti Yesus pancen boten ngukum kita, malah ngapunten kita, nanging punika boten ateges bilih kita bebas tumindak dosa malih, boten punapa-punapa damel dosa malih. Babar pisan boten! Sasampunipun kaapunten kita kedah mareni anggen kita damel dosa. Kita boten pareng memanfaatkan katresnanipun Gusti ingkang boten ngukum kita, kagem damel dosa malih.
Yen sasampunipun kaapunten taksih mbaleni damel dosa malih, punika ateges kita boten ngajeni, boten ngregani tulusing sih katresnanipun Gusti, kita boten gadhah panarima utawi pamaturnuwun dhateng sih pangapuntenipun Gusti. Wujuding panuwun kita atas sih pangapuntenipun Gusti punika inggih srana boten damel dosa malih. [ST]
“Pangapura katandukake iku supaya kita mareni gawe dosa”
Gkjw.web.id (Teks), http://1.bp.blogspot.com (Gambar)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar