Minggu, 24 Maret 2013

Sinten Ingkang Mbelani ?


Waosan : Yesaya 50 : 4 – 9a
Nats : Ayat 7
Pamuji : KPK 120
Sadhar utawi boten manungsa menika kadunungan watakbela-diri. Saben rumaos dipun serang tamtu tansah bela-diri, menapa malih yen ingkang dipun serang menika gegayutan kalian tumindak. Tamtu wonten kemawon alesan ingkang kita ginakaken. Wiwit bocah ngantos piyantun sepuh tamtu sampun kulina damel alesan. Tatacaranipun pancen ingkang benten-benten. Wonten ingkang bela-diri srana frontal(kasar) malah asring baliknyerang, ananging wonten ugi ingkang namung dipun simpen ing salabeting manah kemawon sanadyan sampun nyawisaken strategi nyerang balik. Serang-sinerang menika ingkang ndadosaken tatananing gesang kita sansaya semrawut, krana crah lan cecongkrahan ingkang tansah dipun lampahi. Brayat, greja ugi asring tinebihaken saking raos tentrem yen warganipun taksih asring anggadahi sikap bela-diri, menapa malih remen nyerang tiyang sanes. Lha, sikap menika ugi mratelakaken bilih kita dereng saget dados siswanipun Gusti. Krana sikap ingkang tansah dipun tindakaken dening siswanipun Gusti inggih menika sumedya midhangetaken (ay 4). Nadyan talingan panas midhangetaken, nanging estunipun yen kita kanthi estu-estu midhangetaken kita sagednggatosaken menapa kersanipun tiyang ingkang ngendika dhateng kita. Manawi kita boten pilih-pilih anggenipun nggatosaken lan midhangetaken kita sampun sinau dados siswanipun Gusti.
Wonten ing waosan dinten menika kita ugi dipun emutaken malih sikap ingkang leres minangka siswanipun Gusti inggih menika tiyang ingkang sumedya tansah nilingaken Sabdanipun. Gusti kagambaraken kados dene guru ingkang paring piwucal dhumateng murid. Manawi muridipun estu-estu nggatosaken piwucali-Pun tamtu badhe pikantuk ngelmu. Srana ngelmu menika lelampahan, wicantenan dalah tindhak-tandhuk kita migunani lan dados berkah tumrap tiyang sanes. Malah kita sagah dipun pula-sara dening tiyang ingkang sengit, lan boten nepsu, awit yen siswanipun Gusti dipun siksa tamtu Sang Guru pribadya ingkang mbelani. Yen kita ngajeng-ajeng gesang tentram rahayu, sumangga sampun kita bingung bela-diri, menapa malih pados bala supados mbelani kita nalika wonten ingkang nyerang kita. Kita gatosaken lan pirengaken kemawon menapa ingkang dipun aturaken, awit ingkang mbelani kita menika Gusti Allah piyambak.[to2k]
Mbelani  dhiri koncatan pakurmatan, ananging merdi dhiri uripe lestari.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar