Senin, 04 Maret 2013

Karahayon


Waosan : Rum 4 : 1 – 12
Pamuji : KPK 56 : 1,2,3
Nats : “Rahayu wong kang padha kaapura panerake, lan kang kaaling-alingan dosa-dosane; rahayu wong kang kaluputane ora kaetang dening Gusti Allah.” [ayat 7-8]
Rahayu utawi ‘bahagia’ artosipun inggih punika kawontenan utawi raos bingah lan tentrem. Kathah perkawis ingkang saged ndadosaken manungsa rumaos rahayu. Upaminipun, ngraosaken bahagia awit brayatipun sami sehat, rukun, tansah kaparingan cekap, lsp. Wonten saperangan tiyang ingkang nggadhahi pamanggih bilih bahagia punika relatif, kanthi ngucap: lho, ukuran rahayu kanggo wong siji lan sijine rak ora padha ta? Pamanggih punika pancen leres, awit beda ukuran kalawau badhe kedadosan menawi karahayon (kebahagiaan) punika namung dipun ukur mawi perkawis-perkawis ingkang fana (boten langgeng).
Dhawuhipun Gusti punika ngantebaken perkawis-perkawis ingkang langgeng, ingkang mitulungi manungsa saged andarbeni karahayon ingkang sami. Inggih punika srana ngakeni bilih:
§  Dhirinipun punika dados turunipun tiyang pitados, saengga tandang damelipun cundhuk kaliyan statusipun minangka tiyang ingkang pitados dateng Gusti. Rama Abraham kasebut dados tuladhanipun tiyang pitados awit panjenenganipun tansah njagi sesambetanipun kaliyan Allah, klayan nindakaken sedaya prentahipun, nadyan dipun utus ngorbanaken Iskak putranipun minangka kurban obaran.
§  Dhirinipun punika gesang ing salebeting sih kamirahanipun Gusti Allah. Awit Gusti kersa nganggep manungsa punika leres boten karana tingkah-polahipun ingkang leres, ananging karana Panjenenganipun sampun maringi pangapunten tumraping sedaya kalepatan lan dosa-dosanipun manungsa.
§  Reka dayanipun manungsa ngupadi tandha-tandha katon  ingkang kaangkah dados jati dhirinipun minangka tiyang pitados, malah saged nuwuhaken ‘tukar padu’ ing patunggilaning tiyang pitados. Rasul Paulus ngantebaken bilih tetak (sunat) ingkang sejatos punika tetaking manah, tetak rohani lan sanes tata cara lairipun.
Sumangga kita sami ikhtiyar, ngupadi lan andarbeni kasugihan ingkang asipat langgeng, supados kita sami saged ngraosaken karahayoning gesang. Amin. (Esha).
“Rahayu wong kang lestari anggone ndherek Gusti Yesus.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar