Minggu, 10 Maret 2013

Pangrimatipun Gusti



Waosan : Yusak 5 : 9 – 12
Pamuji : KPK 116 : 1,2
Nats : “Wong Israel dadine wus padha ora kaparingan mana maneh, nanging ing taun iku padha mangan pametune tanah Kanaan.” [ayat 12b]
Saben tiyang sepuh anggenipun gulawenthah anakipun tamtu tansah ngupaya kasaenan. Tiyang sepuh purun ngorbanaken tenaga, wekdal lan materi kangge nyekapi kabetahaning anak. Sedaya ingkang dipun tindakaken punika kadhasaran raos tresna dhateng anakipun punika. Panyuwunipun tiyang sepuh dhateng anakipun sepele, supados anak bekti dhateng tiyang sepuh lan migunani kangge sesaminipun. Nalika kita taksih  bocah, kita ugi ngraosaken katresnanipun tiyang sepuh dhateng kita. Kados pundi perjuanganipun ngrimati kita ngantos diwasa.
Sih rahmat lan pangrimatipun Gusti Allah dhateng bangsa Israel kados dene tiyang sepuh anggenipun ngrimati anakipun. Nalika bangsa Israel ing tanah Mesir, Gusti Allah kersa ngluwari bangsa Israel saking pangawulan bangsa Mesir. Nalika bangsa Israel medal saking Mesir tumuju dhateng Kanaan, Gusti Allah ngirid lampahing bangsa Israel nyebrang seganten Teberau kanthi wilujeng. Gusti Allah njagi bangsa Israel saking mengsah-mengsahipun. Ing wanci siang dipun payungi mega, wanci dalu dipun padhangi geni. Gusti Allah ugi paring tedhan arupi roti manna lan daging puyuh. Sedaya punika nedahaken bilih saestu Gusti Allah tansah ngrimati umatipun. Sareng manggen ing Kanaan, bangsa Israel boten nedha roti manna malih nanging nedha saking hasil bumi ing tanah Kanaan.
Gusti Allah ngrimati umatipun ngantos dinten punika. Wujud pangrimatipun Gusti punika, kita dipun berkahi arupi pangan, sandang, papan, kita dipun cekapi kangge kabetahan saben dinten, kita dipun paringi kakiyatan lan kasarasan sarta saged nindakaken pendamelan kita. Brayat kita dipun kanthi, dipun paringi karukunan lan kabingahan. Sedaya pangrimatipun Gusti punika wujud bilih Gusti Allah saestu nresnani kita. Pramila, sampun was sumelang. Kosokwangsulipun kita kedah tansah saos sukur dhumateng Gusti Allah. Wujud sokur kita punika, kita manut Pangandikanipun Gusti, nindakaken punapa ingkang dados karsanipun Gusti. Mangga tansah rumaket dhateng Gusti, kita pasrahaken sawetah gesang kita, lan kita pitados Gusti Allah tansah ngrimati kita. [AR]
“Panuwun sokur nebihaken was sumelang.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar