Jumat, 22 Maret 2013

Bisa Dipercaya Lan Lembah Manah


Waosan : Rum 11 : 13 – 24
Pamuji : KPK 134
Nats : “Iya bener! Anggone padha dikethoki iku, awit saka anggone ora pracaya, lan kowe anggonmu tetep iku marga saka pracaya. Kowe aja kumalungkung, aluwung wedia!” [ayat 20]
Dados tiyang ingkang dipun pitados kangge ngemban satunggaling jabatan utawi kawenangan punika pancen boten gampil. Awit asring kaganggu dening panggoda ingkang nggiring tiyang dhateng tumindak  ‘penyalah gunaan’ jabatan saha boten malih ngajeni sesaminipun. Kados sampun dados watakipun manungsa bilih manungsa punika gampil sanget kaseret dhateng sikap ‘adigang-adigung-adiguna’ nalika nggadhahi kawenangan satemah kesupen dhateng ‘amanah’ ingkang kapitayakaken dhateng piyambakipun.
Warganing pasamuwan ing Rum punika umumipun sanes saking bangsa Yahudi. Pramila tamtu ugi nggadhahi sipat saha adatipun piyambak ingkang rupinipun gampil ‘nganggep asor’ tiyang sanes ingkang boten saged nggayuh babagan kados piyambakipun. Satemah nalika dados tiyang Kristen malah gumunggung lan nganggep asor tiyang Yahudi ingkang taksih nampik sih kanugrahanipun Gusti Yesus Kristus. Pramila lajeng kesupen saha nglirwakaken punapa ingkang dados kuwajibanipun warganing pasamuwan inggih punika supados medharaken sih katresnan lan andum berkah dhateng sesami. Nadyan kadosa pundi awonipun, bangsa Yahudi punika dados lantaran kababaring sih rahmatipun Allah dhateng tiyang Rum. Pramila sih rahmatipun Allah punika kedah terus kawartosaken dhateng tiyang-tiyang Yahudi. Rasul Paulus ngengetaken dhateng pasamuwan supados boten gumunggung. Kosok wangsulanipun malah kedah ajrih asih dhumateng Gusti saha mangun pasamuwan ingkang lembah ing manah lan kebak ing katresnan minangka wujuding gesang ingkang enggal wonten ing Sang Kristus.  Mesthi wonten tiyang-tiyang ingkang dados lantaran kita nampeni sih rahmatipun Gusti Allah. Contonipun: tiyang sepuh dados lantaran kita gesang ing alam donya. Tiyang sepuh utawi tiyang sanes dados lantaran anggen kita nampeni sih karahayonipun Gusti Yesus. Kita dipun pitados dening Gusti Yesus Kristus supados dados pandherekipun ingkang setya mbabar katresnan dhateng sesami wonten ing pundi-pundia panggenan saha wonten ing sadaya babagan pakaryan kita klayan lembah manah. [AK]
“Ngajenana wong kang dadi lantaran kababare sih rahmate Allah!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar