Jumat, 20 Maret 2015

Pakaryanipun Allah Tansah Endah

Waosan: Roma 8:26-39.   | Pamuji: KPK 211: 2.
Nats: “Saiki kita padha sumurup, yen Gusti Allah uga makarya ana ing samubarang kabeh, njalari becike wong kang padha tresna marang Panjenengane, yaiku para kang tinimbalan miturut ing pepesthening Allah.” (ay. 28)
Menawi mboten lepat, ing tahun 1980-an wonten kekidungan ingkang dipun paringi irah-irahan “Pelangi Kasih-Nya”, ingkang dipun kidungaken dening Maria Shandy. Tembungipun mungel makaten: Apa yang kau alami kini, mungkin tak dapat engkau mengerti. Cobaan yang engkau alami, tak melebihi kekuatanmu. Tuhanmu tak akan memberi ular beracun, pada yang minta roti. Satu hal, tanamkan di hati, indah semua yang Tuhan b’ri. Tangan Tuhan sedang merenda suatu karya yang agung mulia. Saatnya kan tiba nanti, kau lihat pelangi kasih-Nya. Kekidungan punika ngajak dhateng kita supados kita saged nyumurupi bilih sedaya ingkang dipun tindakakaken dening Gusti Allah dhateng kita punika, sejatosipun endah sanget kangge gesang kita. Gusti Allah kagungan rancangan ingkang adi tumrap gesang kita. Ananging kadhangkala, ing tengahing margi kaendahan punika kita manggihaken pakewed. Lah ing ngriku kita ngresula. Kita nggadhahi pemanggih bilih Gusti Allah punika mboten kersa paring pitulungan dhateng kita. Kamangka, punika namung dados salah satunggiling margi ingkang tumuju dhateng kasaenan gesang kita.
Pramila, sumangga kita telatos anggenipun lumampah dhateng margi punika. Awrat utawi entheng, swawi kita lampahi kanthi sukabingahing manah. Sampun ngresula rumiyin, menapa malih duka kaliyan Gusti. Nanging sumangga kita tetep madhep mantep dhateng Gusti, klayan tetep nggadhahi pangajeng-ajeng ing sih katresnanipun Gusti. Tamtu Gusti mboten badhe maringi kita ular beracun menawi kita nyuwun roti. Gusti mboten badhe maringi ingkang awon, menawi kita nyeyuwun ingkang sae. Amargi, katersnanipun Gusti Allah dhateng kita punika estu-estu ageng. Pakaryanipun tansah nedah, ing papan pundia kemawon lan ing salawasing wekdal. Menawi kita manggihi pakewed, kita kedah pitados, punika namung lantaran ingkang badhe tumuju dhateng kasaenan. Amin. [Mbing]
“Menawi sampun dumugi wekdalipun, kita saged ningali endahing sih katresnanipun Allah.”

http://www.gkjw.web.id/pakaryanipun-allah-tansah-endah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar