Senin, 02 Maret 2015

Ngudi Kabungahan

Waosan: Yohanes 4: 27-42/ Pujian: KPK 65: 1
“ . . . kang dadi panganKu iya iku anggonKu nglakoni karsane kang ngutus Aku.“ (ay. 34)
Tetedhan menika kalebet kabetahan utami (primer), awit manungsa boten saged kapisah saking kebetahan nedha. Nanging kita kedah mangertos bilih nedha menika namung salah satunggiling kabetahan. Wonten kabetahan sanesipun ingkang ugi wigatos sanget, inggih punika raos bingah (manah ingkang ayem lan tentrem, kebak raos sokur lan panuwun). Sampun ngantos klentu mangertos. Ingkang katuju bab raos bingah menika boten lajeng gemujeng cekaka’an, nanging raos bingah ing lebeting manah lan batos. Dereng tamtu kabingahan ingkang kados mekaten menika amargi prekawis ingkang murugaken gesangipun langkung sakeca, malah saged ugi secara kajasmanen tambah sisah. Conto: Pak Dadap ngeculaken kagunganipun ingkang saestu dipun eman, inggih menika peksi. Iklas kasade supados tangginipun saged nyekolahaken anakipun! Kecalan kareman nanging bingah, awit tiyang sanes kapitulungan.
Para sakabat sami nyuwun pirsa bab tetedhan jasmani, nanging Gusti Yesus paring wangsulan bab tetedhan rohani. Wonten wancinipun kita ngrembag kajasmanen, nanging ing wegdal ingkang mirunggan, kita perlu sanget nggatosaken tetedhan rohani. Awit sajatosipun ingkang nglambari gesang kita punika sanes kajasmanen kita nanging karohanen kita. Sanadyan kabetahan jasmani kita mubra-mubru boten ateges lajeng gesang kita kalimputan kabingahan. Rak nggih sampun cetha bilih ing masyarakat kathah tiyang ingkang sugih sanget nanging ngalami sesakit awrat utawi gesang bebrayatanipun kebak pasulayan?
Mila Gusti Yesus ngarahaken manahipun para sakabat dhateng bab ingkang aji sanget ing gesang, nggih punika nglambari gesang padintenan kaliyan nindakaken karsanipun Gusti. Sikap mekaten ingkang badhe mbekta kita dhateng kabingahan. Nglirwakaken karsanipun Gusti badhe nuwuhaken raos ajrih, kuwatos, temah manahipun boten saged ngalami ayem tentrem. Kosokwangsulipun, menawi kita saged nindakaken karsanipun Gusti, nadyan gesang punika wonten ing satengahing bebaya, manah badhe saged tetep ayem tentrem, awit Gusti mesthi nunggil. [_smdyn]
“Kasagedna kawula uwal saking godha rencana”
http://www.gkjw.web.id/ngudi-kabungahan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar