Kamis, 12 Maret 2015

Manungsa Boten Gadhah Panguwaos

Waosan : Yermia 10 : 11 – 25   | Pamuji: KPK 143 : 1-3
Nats: 
“ Dhuh Yehuwah, kawula mangertos, bilih manungsa punika boten gadhah panguwaos netepaken marginipun piyambak, lan tiyang ingkang andon lampah boten gadhah panguwaos netepaken jangkahipun. “(ayat 23)
Pengalaman ingkang lumampah ing gesanging manungsa, manungsa boten saged netepaken wekdal ingkang badhe lumampah. Conto kemawon menawi manungsa sampun nata rancangan kanthi teliti taksih kemawon wonten ingkang ketilaban. Menapa malih bab umur, boten wonten manungsa ingkang saged nyambung umur sinaosa sekedhik kemawon. Menapa malih brahala, ingkang dados rancanganipun manungsa, mesthi boten nggadhahi panguwaos menapa-menapa. Namung Gusti Allah kemawon ingkang kuwaos netepaken menapa ingkang badhe kelampahan.
Semanten ugi pengalamanipun nabi Yermia kados pundi anggenipun lumawan panyembah-panyembah brahala. Sang nabi rumoas ajrih lan kanthi pakurmatan ing ngarsanipun Gusti Allah. Nanging, sang nabi mirsani bilih brahala menika namung “tegoran kayu lan digawe saka tanganing manungsa, direngga klawan emas lan salaka, brahala iku kayadene wong-wongan ing kebon timun, ora bisa guneman, ora bisa lumaku, ora diwedeni.” Brahala menika bodho tur gemblung, piwucalipun tanpa gina, awit namung kayu kemawon.
Lah menapa malih menawi manungsa ingkang taksih nyembah brahala, menika boten nggadhahi panguwaos menapa-menapa awit ingkang dipun sembah sanes menapa-menapa namung wangunanipun manungsa. Pramila kanthi cetha bab ingkang dipun andharaken ing ayat 11-25, bilih Gusti Allah ingkang nitahaken sedaya samukawis, ingkang kagungan kekiyatan ngedab-edabi. Manungsa boten kaconggah ngetang panguwaosipun Sang Yehuwah. Saged ugi tetiyang sami keplayu menawi sami mirsani lan mangertosi panguwaosipun Sang Yehuwah. Kanthi mekaten kedahipun manungsa ugi mangertos bilih manungsa boten gadhah panguwaos, menapa malih bab lampah lan jangkahipun. Ingkang saged kita lampahi namung kanthi setya bekti dhateng Allah ing sedaya lampah. [Bpur]
Manungsa boten nggadhahi panguwaos, pramila kedah bekti ing ngarsanipun Gusti.”

http://www.gkjw.web.id/manungsa-boten-gadhah-panguwaos

Tidak ada komentar:

Posting Komentar