Rabu, 30 April 2014

Nggelar Pangandikaning Urip


Waosan : Para Rasul 5: 17 – 26
Pujian: KPK 93:1,3
Nats : “Padha menyanga ing Padaleman Suci, ngadega lan nggelarna sakabehe pangandikaning urip iku marang wong akeh” (20)

Tiyang ingkang dipun kunjara mesthi mboten sekeca, amargi mboten nggadhahi kebebasan. Ruang gerakipun winates sanget, amargi pakunjaran kakunci kanthi kiyat tur kajagi. Umumipun tiyang dipun kunjara amargi melawan hukum (tumindak lelawanan kaliyan paugeraning negari). Dipun kunjara supados tiyang menika ngrumaosi kalepatanipun lan mratobat, nggadahi pepenginan ndandosi gesangipun; lan menawi sampun kaluwaran tamtu kaangkah tiyang menika mboten ngambali melawan hukum malih.
Kawontenaning pakunjaran ingkang dipun angge ngunjara para rasul memper kaliyan pakunjaran umumipun. Ananging menggah ingkang dipun kunjara mboten sami. Para rasul kakunjara amargi ngawontenaken pratandha lan mukjijat kathah, matemah kathah tiyang ingkang sami manjing pitados dhateng Gusti Yesus; kathah tiyang sakit kasarasaken, ingkang kabidhung roh reged sami kaluwaran (mirsanana 5:12-16).
Gusti Allah ingkang kagungan pakaryan mboten negakaken para rasul, mila lajeng kaluwaran saking pakunjaran kanthi cara ingkang ajaib. Nadyan lawang pakunjaran kakunci, wonten ingkang njagi, para rasul saged medal saking pakunjaran awit pangiridipun malaekating Pangeran. Para rasul kadhawuhan supados dhateng padaleman suci lan nggelaraken pangandikaning urip (19-20).
Para rasul kakunjara mboten karana kalepatanipun nglawan hukum, ananging karana lampah leres menggahing Allah, martosaken pawartos rahayu lan paring pitulung dhateng tiyang ingkang sakit, kabidhung dening roh reged. Para rasul kakunjara karana raos drengki ingkang sanget (17-18). Sasampunipun kaluwaran para rasul lajeng dhateng padaleman suci, memucal bab pangandikanipun Gusti.
Kula lan panjenengan sami, sampun kaluwaran saking pakunjaraning dosa kanthi cara ingkang ajaib, inggih menika srana rahipun Gusti Yesus ing kajeng salib. Pramila kita ugi kadhawuhan martosaken pawartos rahayu dhateng tiyang sanes, kanthi mboten ajrih rekaos lan nanggel resiko, karana lampah leres. Amin. (SS)



Tidak ada komentar:

Posting Komentar