Selasa, 06 Mei 2014

Mboten Badhe Luwe Malih


Waosan: Yoh 6: 30-35   
Pamuji:
KPK 79
Nats : Pangandikané Gusti Yésus: “Aku iki roti sing nguripi; sing sapa marani Aku, ora bakal luwé menèh. Lan wong sing precaya marang Aku, ora bakal ngelak menèh.” (ayat 35)

Sandang, pangan lan papan, menika kabetahan dhasar gesang manungsa ing donya. Pramila kathah manungsa ingkang gesang ing donya menika sami ngudi bab-bab menika. Peluang kerja/ lapangan pekerjaan ingkang mboten kathah, mboten cocok kaliyan cacahing manungsa ingkang langkung kathah ndadosaken manungsa sami berlomba ngudi samukawis perkawis murih sedaya kabetahan kacekapan. Ing salebeting sami berlomba menika, wonten tiyang ingkang saged nyekapi kabetahan gesangipun, malah lumuber. Nanging ugi kathah tiyang ingkang mboten saged bersaing, lajeng gesangipun kacingkrangan. Dados menika ingkang dumados ing gesangipun manungsa, langkung malih menawi ngrembag bab tetedhan lan  omben. Tetedhan lan ugi omben menika ingkang nyata dipun betahaken manungsa ing saben dinten. Nalika sami ewed pados tedha lan omben, awit mboten saged bersaing kala wau, kathah tiyang ingkang menghalalkan samukawis perkawis sauger saged ngangsalaken tetedhan lan omben. Kanthi nedha lan ngombe manungsa saged gesang.
Gusti Yesus mengertos sanget ingkang dipun betahaken manungsa supados saged gesang, tetedhan lan omben. Pramila nalika paring pangandika, Gusti ngagem tetedhan lan omben dados sanepan. Yen manungsa mboten nedha lan ngombe, manungsa saged pejah. Ananging menawi sedinten menika sampun nedha, benjingipun kedah nedha malih awit sampun luwe. Benten nalika kita nedha saking Gusti Yesus ingkang paring pangandika : “Aku iki roti sing nguripi; sing sapa marani Aku, ora bakal luwé menèh. Lan wong sing precaya marang Aku, ora bakal ngelak menèh.”
Menawi nedha lan ngombe sekul lan toya mesthi luwe lan ngelak malih, nanging pitados dhateng Gusti Yesus ndadosaken kita mboten badhe luwe lan ngelak malih. Mboten sisah menghalalkan samukawis kangge saged nedha. Menapa Gusti Yesus bakal paring tetedhan? Inggih. Kuncinipun namung pitados, pitados ingkang mantep. [Syn]
“Rasa luwe agawe enak mangan, ora luwe agawe rasa ayem.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar