Kamis, 22 Mei 2014

Aja Ngengge Mangsa !


Waosan: Yokanan 15:9-11  
Pamuji : 
KPK no. 56:1,2,3.
Nats : “… supaya kabungahanmu dadia sampurna” (ayat 11b).

Kawontenaning gesang menika rak isi kalih perkawis utawi swasana ingkang asring beda sanget. Wonten wekdalipun panas, kosokwangsulipun wonten wekdalipun asrep, mekaten ugi wonten sehat-sakit, bingah-sisah, untung-rugi, begja-apes, sugih-mlarat, lsp. Kawontenan ingkang beda-beda kalawau dhatengipun gilir gumantos lan asring mboten kita rancang lan tanpa kita nyana-nyana.
Ing wekdal kita rumaos samukawis ing salebeting gesang kita lumampah kanthi sae lan lancar, kita mongkog lan suka bingah. Nanging, yen karibedan, pakewed, kaprihatosan, lan kasedhihan ngampiri gesang kita, asring kita lajeng kintir lan malah klelep ing salebeting swasana sedhih lajeng stres utawi depresi.
Kabingahan ingkang sejatos menika langkung penting katimbang ‘perputaran’ kawontenan ingkang beda-beda kalawau. Kabingahan ingkang sejatos pinangkanipun saking sesambetan ingkang tetep (‘konsisten’) kaliyan Gusti Yesus Kristus. Menawi gesang kita nggadhahi sesambetan ingkang raket kaliyan Panjenenganipun, Gusti Yesus mesthi paring pitulungan supados kita saged lumampah ngatasi sawernining pakewed tanpa klelep ing dhasaring kasisahan. Kabingahan gesang kaliyan Gusti Yesus Kristus saben dinten badhe njagi kita tetep tenang ing sadhengah kawontenan, bingah utawi sisah.
Masyarakat Jawi kanthi wicaksana gadhah pepenget: ‘Aja nggege mangsa’, artosipun aja nyepetke mangsa utawa wektu. Sebab, samukawis bab ingkang kedadosan punika rak dhasaripun karana Gusti Allah ingkang ngersakaken, pramila lajeng wonten unèn-unèn ‘wis titi wancine’. Samukawis bab ingkang prosesipun ‘instan’ tamtu asilipun kirang maremaken. Menawi kita kepengin panenipun sae, tamtunipun kita kedah nyebar wiji lan ngrimati, ateges kita perlu wekdal lan sabar. ‘Aja nggege mangsa’ ugi isi pitutur supados manungsa menika langkung sabar, mboten grusa-grusu kangge nggayuh cita-citanipun, menapa malih mboten ngantos meksa supados pikajengipun piyambak enggal kasembadan. Tata cara gesang ingkang mekaten menika nglairaken kabingahan ingkang sampurna. Amin. (Esha).
“Wong mursid rineksa ing Pangeran, wong ala tumiba ing karusakan.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar