Selasa, 22 April 2014

“Mlampah ing Margi Karahayon ”



Waosan: Para Rasul 2: 36-41 
Pamuji:
KPK 51
Nats : “Kula aturi sami mratobat sarta panjenengan piyambak-piyambak sami kabaptisa ing asmanipun Gusti Yesus Kristus, amrih angsala pangapuntening dosa panjenengan satemah panjenengan sami badhe nampeni peparing Roh Suci. (ay.8a)

Wonten unen-unen Jawi suraosipun “alon-alon waton klakon.” Unen-unen menika kebak wewarah lan filosofi. Nanging ugi asring dipun agem tiyang sanes, malah ugi tiyang Jawa piyambak, kangge ngenyèk (mencibir) tiyang Jawi. “Jaman saiki nek mung alon-alon kapan klakone, wis mesthi ketinggalan jaman,” mboten berwawasan positif sarta nddadosaken semangat kita dados nglokro, lsp. Yektos tiyang kalawau dereng mangertos artos ingkang sejatosipun unen-unen menika. Unen-unen “alon-alon waton klakon” menika tembung kuncinipun “klakon” sanes “alon-alon”. Tembung alon-alon menika tegesipun tahap demi tahap, utawi langkah-langkah konkrit ingkang kedah dipun tindakaken supados klakon. Artosipun, mboten wonten kesuksesan ingkang instan (dumadakan), sedaya kedah medal tahap-tahapipun. Conto: supados saged lulus saking SD pramila kedah saking kelas 1 lanjeng minggah kelas 2 lan ngantos lulus saking kelas 6. Klakonipun lulus kelas 6, dene alon-alonipun inggih minggah wiwit kelas 1 ngantos kelas 6; mboten saged kok sekolah 2 dinten lulus SD.
Supados “klakon” nampi nugraha gesang langgeng ing swarga, pramila kita kedah enget langkah-langkahipun ingkang dipunwastani alon-alonipun, inggih menika dipun apura sedaya dosa kita. Supados dosa kita dipun apura kita kedah kapabtis ing asmanipun Gusti Yesus. Supados saged kabaptis kita kedah mratobat lan gesang enggal. Dados kanugrahan gesang langgeng menika mboten saged instan. Nanging kedah tumut ing sauruting margi karahayon peparingipun Gusti Allah. Waosan dinten menika gajak supados kita metani iman kapitadosan kita: menapa sampun klakon wonten ing salebeting kanugrahan tentrem rahayu? Utawi estunipun kita taksih dereng mratobat awit kagubel ing salebeting lendhut dosa? Mangga alon-alon kita mlampah tumuju kratoning Swarga! (masto).
 “Dados tiyang Kristen dereng mesthi mlebet swarga, nanging ndherek Gusti Yesus badhe nampi nugraha ayeming swarga.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar