Senin, 28 April 2014

Farisi Modern


Bacaan: I Yokanan 3:1-6   
Pujian:
KPK 175: 1,2,3
Nats : “…Wong yen ora kalairake maneh mesthi ora bisa weruh Kratoning Allah.” (ay. 3)

Kula nate nenggani satunggaling warga pasamuwan ingkang babaran. Proses babaranipun pancen mboten dangu, ananging anggenipun ngraosaken sakit punika jam-jaman. Sedaya saged katebus karana putra kakung sampun lair kanthi wilujeng, sehat, mboten kirang satunggal punapa. Mboten wonten ingkang sedhih, sedaya sami bingah. Malah ugi masipun bayi ingkang saderengipun sensitif karana ajrih menawi tiyang sepuhipun langkung nggatosaken adinipun, ugi ngraosaken kabingahan.
Nikodhemus inggih priyantun Farisi ingkang kaeraman tumrap piwucalipun Gusti Yesus. Ngantos wonten wewengan (kesempatan) saged wawanrembag kaliyan Gusti Yesus. Nikodhemus nggadhahi kapitadosan menawi Gusti Yesus punika kautus dening Gusti Allah. Miturut Gusti Yesus pitados kemawon dereng cekap. Ananing Nikodhemus lan golonganipun, inggih tiyang Farisi, puruna kalairaken malih. Tegesipun puruna mratobat saking tatananing gesang ingkang cengkah kaliyan karsanipun Gusti.
Tamtu kalairaken malih punika mboten sacara lahiriah. Salah satunggal ciri manungsa ingkang kasebat kalairaken malih, inggih punika saged mujudaken kahanan ingkang mbingahaken lan ayem tentrem tumrap sesami. Mboten kados tiyang Farisi ingkang ngaku turunipun Abraham lan nampi janji kawilujengan, ananing mboten nggatosaken randha-randha, mboten nggatosaken sedherek-sedherek ingkang nandhang sakit lan mbetahaken pangluwaran.
Sumangga kita ndadar dhiri kita! Sregepa kados pundi anggenipun tindak greja, aktifa kados pundi ing kegiatan-kegiatan, mboten wonten ginanipun menawi kita ndadosaken sedherek sanes ngraosaken sisah, mboten nggatosaken sedherek ingkang kecingkrangan, malah ndadosaken crah, ing pitembungan lan tumindak kita. Sampun ngantos kita kasebat Farisi-Farisi modern! [PKS]
“Dadia bayi-bayi kang nggawe kahanan sarwa mbingahake sesama!”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar