Kamis, 26 Februari 2015

Katresanan kang Nylametake


Waosan : Yokanan 3 : 16 – 21    |    Pamuji: KPK 83 : 1,2
“…supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng.” (ay. 16b)
Renungan kita dinten menika kanthi sesirah: katresnan kang nylametake. Pitakenanipun: menapa wonten katresnan ingkang boten nylametaken? Katresnan ingkang mbekta cilaka? Wangsulanipun: wonten. Contonipun: menawi kita boten paring pitedah/ pepenget dhateng tetiyang ingkang tumindakipun lepat, kanthi alesan: “mesakne mengko gek mundhak lara atine.” Ngendelaken anak-anak kita remaja putri dolan ngantos lingsir wengi, kanthi alesan: “ben bergaul karo kanca-kancane, cikben ora kuper (kurang pergaulan).” Ngendelaken anak-anak kita ingkang taksih alit dolanan latu, kanthi alesan: “mengko yen dipenging malah nangis,” lsp. Benten sanget kaliyan Gusti Allah. Allah wonten ing Sang Kristus nresnani jagad menika kanthi katresnan ingkang milujengaken. Kawastanan katresnan ingkang milujengaken, karana:
  1. Katresnanipun Gusti menika boten pilih kasih (Mat. 5: 45)
  2. Katresnanipun Gusti menika katresnan ingkang asipat “universal”, nresnani salumahing jagad.
  3. Katresnanipun Gusti menika katresnan ingkang kebak pangurbanan, malah ingkang dipun kurbanaken ingkang paling aji, inggih menika Putranipun ontang-anting, Yesus Kristus.
  4. Katresnanipun Gusti  menika katresnan ingkang “jemput bola”, boten nengga manungsa tresnani Guti rumiyin.
  5. Katresnanipun Gusti menika katresnan ingkang boten gumantung kaliyan sinten kemawon lan menapa kemawon.
  6. Katresnanipun Gusti menika katresnan ingkang boten angon wayah, boten gumantung kaliyan kawontenan.
Gusti Allah nimbali kula lan panjenengan supados nresnani sesamining gesang malah jagad menika kanthi katresnan ingkang milujengaken. Nresnani sesamining gesang ateges ugi nresnani tetuwuhan lan sato kewan, boten namung manusa. Boten namung nresnani tiyang ingkang tresna dhateng kita, nanging ugi tiyang ingkang sengit dhateng kita. Engeta dhawuh ing Matius 5 : 44 lan 46. Amin (SS)
“Katresnan iku ngluluhake rasa sengit.”
http://www.gkjw.web.id/katresanan-kang-nylametake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar