Selasa, 02 September 2014

Sinten Ingkang Sampurna


Waosan : Kolose 2 : 6 – 15  |  Pamuji  :  KPK 170 : 1
Mbok menawi, nalika kita maos waosan kita kala wau, tuwuh pitakenan ing antawais kita: minangka para pendherekipun Gusti, punapa saged kita sampurna ing ngarsanipun Gusti? Utawi, sinten ta ingkang saged sampurna ing ngarsanipun Gusti? Pancen, mboten wonten ing antawis kita, sae kita punika dados warganing pasamuwan, dados  anggota Majelising pasamuwan, punapa kita dados Pendhitaning pasamuwan, mboten wonten ingkang sampurna ing ngarsanipun Gusti. Kita taksih dados manungsa ingkang dosa, ingkang gampil nerak angger-anggeripun Gusti awit saking karingkihaning jiwa kita. Lah menawi kados makaten, lajeng kados pundi kita saged mangertosi dhawuhipun Gusti lumantar Rasul Paulus punika?
Sejatosipun, dhawuhipun Gusti punika tansah dados timbalan kangge kita. Timbalan supados kita saged nggayuh kasampurnaning gesang. Wewaton (prinsip) ingkang saged kita damel inggih punika: dinten punika kedah langkung sae tinimbang kala wingi, lan benjing kedah langkung sae tinimbang dinten punika (today is better than yesterday and tomorrow is better than today). Dados sinaosa jiwa kita ringkih, ananging sampun ngantos bab punika kita damel alesan bilih kita punika tansah lan terus ringkih. Malah-malah wonten tiyang ingkang paring alesan: kita punika rak manungsa saking lemah (tanah), pramila nggih limrah menawi kita punika lemah (ringkih). Sampun kados makaten! Mbokmenawi kita mboten saged nggayuh kasampurnan ngantos ing pungkasaning gesang, ananging lumantar timbalan punika kita saged mbudidaya tumindak gesang ingkang langkung sae ing saben dinten. Rasul Paulus paring dhawuh: Kowe wus padha nampani Gusti Kristus Yesus (ay. 6). Punika sampun dados pawitan (modal) ingkang ageng kangge kita saged mbudidaya tumindak gesang ingkang langkung sae ing saben dinten.
Mbudidaya gesang ingkang langkung sae punika pancen bab ingkang awrat. Kathah sanget pambenganipun. Ananging menawi kita tansah gesang ngoyod lan kawangun ing Panjenenganipun, kita saged mujudaken gesang ingkang sampurna, inggih gesang ingkang kakersakaken dening Gusti piyambak. Amin. [Lintang]
“Dina iki aku kudu luwih apik tinimbang wingi! Sesuk aku kudu luwih apik tinimbang dina iki!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar