Kamis, 04 September 2014

Horee…Sang Bayi Miyos !



Waosan : Matius 1 : 1 – 25  I   Pamuji : KPK 216 : 1, 2, 3
Nats: “Yusuf, tedhak turune Dawud, kowe aja mangu-mangu ngepek Maryam dadi bojomu…”[ayat 20b]
Wiyosipun Gusti Yesus kawiwitan dening pawartos ingkang ngagetaken Yusuf sebab pacanganipun (Maryam) mbobot. Status pacangan menika ingkang murugaken Yusuf ngadhepi pilhan ewed. Ewasemanten Yusuf milih ngestokaken dhawuhipun malaikat, inggih menika nikah kaliyan Maryam.
Mbokmenawi ing wiwitanipun Yusuf mikir bilih piyambakipun namung gadhah 2 pilihan: Medhot sesambetanipun kaliyan Maryam utawi ngimbaraken Maryam dipun benturi watu ngantos pejah miturut tatanan bangsa Yahudi (Pang. Toret 22:23-24). Ananging Gusti Allah kagungan pilihan ingkang kaping tiga, inggih menika mendhet Maryam dados semahipun. Gusti Allah mitulungi Yusuf mendhet pilihan ingkang paling sae.
Gusti Allah asring nedahaken lan maringi kita pilihan langkung kathah katimbang ingkang kita pikiraken. Menawi keputusan kita gegayutan kaliyan pigesanganipun tiyang sanes, kita kedah nyuwun tuntunan lan kawicaksananipun Gusti Allah.
Lelampahan wiyosipun Gusti Yesus menika lelampahan ‘adi kodrati’ (‘mboten nalar’). Pramila Allah ngutus malaikatipun kangge mitulungi sawetawis tiyang supados saged mangertos maknaning kedadosan  menika (2:13,19; Lukas 1:11,26; 2:9).
Malaikat martosaken bilih bayi ingkang dipun kandhut dening Maryam menika awit pangwaosipun Sang Roh Suci lan badhe dados ‘Putra kakung’. Bab menika ngantebaken identitasipun Sang Bayi: Panjenenganipun menika Allah lan Manungsa ingkang mboten wonten watesipun lan mboten saged dipun watesi dening manungsa, saengga saged gesang, seda, lan wungu kangge kawilujenganipun sedaya titah ingkang pitados dhumateng Panjenenganipun.
Yusuf ngowahi rancanganipun nalika sadar bilih Maryam setya, ngestokaken dhawuhipun Gusti Allah, lan nglajengaken rancangan neningkahanipun. Senadyan tiyang sanes badhe moyoki lan mboten sarujuk dhateng keputusanipun, Yusuf tetep majeng selaras kaliyan kayakinanipun. Kadang kala kita nampik tumindak menapa ingkang leres sabab pengaruhipun tiyang sanes. Kados Yusuf, kita kedah milih manut dhumateng Gusti Allah katimbang nuruti pikajengipun tiyang sanes. [Esha]
“Kanca agiyaka, ngundhangken Injilnya, de Allah netepi prasetya.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar