Selasa, 06 November 2012

Ulem-Ulem


Waosan: Lukas 14: 15-24.
Pamuji: KPK 199
Nats: “….Wong kang padha diulemi dhisik mau siji bae ora ana kang bakal ngrasakake suguhanku.” (ayat. 24)
Menawi jaman rumiyin, ulem-ulem menika kedah sowan dhateng ingkang dipun ulemi. Salajengipun saged sekap ngintun serat. Jaman samangke, ulem-ulem malah saged cekap SMS utami malah namung dipun telephone kemawon. Menawi dipun pirsani, saya dangu tata cara ulem-ulem menika saya gampil karana srana komunikasi ingkangcanggih. Ananging wigatosipun ulem-ulem menika namung satunggal inggih menika sedaya priyantun ingkang dipun ulemi saget rawuh. Limrahipun, ulem-ulem menika gegayutan kaliyan pahargyan. Lan pahargyan menika tamtu kemawon mawujud srana mbangun pista. Tamtu namung priyantun-priyantun pinilih ingkang dipun ulemi. Yen boten pikantuk uleman tamtu boten badhe rawuh. Nanging yen priyantun pinilih ingkang dipun ulemi menika boten kersa rawuh tamtu ndadosaken kuciwa lan gela ingkang kagungan kersa.
Inggih kados makaten ugi gegayutan kaliyan timbalanipun Gusti. Gusti Allah kados dene priyantun ingkang ngawontenaken pista. Salajengipun, Gusti Allah ngutus abdinipun murih nimbali tiyang-tiyang pinilih supados ndherek pista. Nanging tiyang pinilih menika malah nampik lan boten purundhateng. Tamtu Gusti Allah rumos gela lan kuciwa. Pramila, Gusti Allah lajeng paring dhawuh supados sinten kemawon kaaturan rawuh ing pista menika supados pista menika rame. Ewasemanten, piyantun ingkang pinilih malah boten ngraosaken segahan awit boten sumedya rawuh ing pista menika.
Mekaten ugi menawi kita katimbalan ndherek pakaryanipun Gusti wonten ing peladosan lantaran BPMJ (Badan Pembantu Majelis Jemaat) utawi Pinisepuh utawi Diakening pasamuwan, utawi dadosa menapa kemawon. Estunipun Gusti sampun miji panjenengan lan Gusti sampun mething berkah kagem panjenengan. Nanging kados pundi wangsulan panjenengan? Menika namtokaken ugi menapa panjenengan badhe nampi lan ngraosaken berkahipun Gusti utawi boten. Amin.(to2k)

“Berkahipun Gusti sampun cumawis kagem tiyang ingkang sumedya ndhatengi ulemanipun Gusti.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar