Kamis, 08 November 2012

Mithati Pangandika


Waosan:Filipi 3: 3-8.
Pamuji: KPK  165: 1-3
Nats: “Malah samubarang kabeh dakanggep kapitunan amarga wanuh marang Sang Kristus Yesus”
Begja (untung) digoleki, kapitunan (rugi) disiriki. Mekaten kirang langkung paugeran gesanging manungsa. Untung lan rugi asring dipuncakaken ing babagan ekonomi, politik. Kados pundi menawi untung rugi punika dipuntingali saking babagan iman kapitadosan? Mbokmenawi makaten ingkang dipunraosaken dening Rasul Paulus saderengipun lan sasampunipun ndherek Gusti Yesus. Kasebataken begja wekdal sapunika ndherek Gusti lan kapitunan wekdal ngayahi sedaya kewajibaning agaminipun minangka tiyang Farisi ingkang tegen lan tumemen rikala semanten. Kasebat kapitunan karana Rasul Pulus kados-kados sampun kathah ngayahi kewajiban agama, ingkang kathah peranganipun nanging kekirangan perangan ingkang aji inggih lampah tresna dhateng sesami. Rasul Paulus rikala semanten karaos sampun nindakaken tetak (sunat), netepi paugeraning Toret, anaging boten ngecakaken katresnan dhumateng para pandherekipun Gusti Yesus, ingkang kaanggep mengsahipun agami. Sarana piweleh saking Gusti Yesus, sedaya ingkang kaanggep untung sapunika dados karugian ingkang ageng, ingkang estu dipungetuni.
Mekaten punika, umumipun manungsa. Kados-kados sampun nglampahi gesang sae. Ajeg tindak greja, boten nate mbolos ibadah patuwen brayat, mitulungi dhateng sedherek ingkang kesrakat. Ananging asring dereng saged ngapunten kalepatanipun sedherek, dereng saged nresnani mengsahipun, punapa malih ndongakaen. Sampun ngantos kita nyortir(mithati) pangandikanipun Gusti. Nglampahi ingkang saged katindakaken,ingkang awrat kita singkiri, malah-malah dipunterak. Begja dhumateng kita ingkang nampeni margi gesang ingkang luhur. Punika wujud kita sansaya mancik wonten ing kasampurnaning gesang.  [PKS]
“Mithati pitedahe Gusti, getun tembe mburine.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar