Jumat, 02 November 2012

Gesang Langgeng


Waosan: Yokanan 6: 37-40.
Pamuji: KPK 167
Nats: “… supaya saben wong kang ndeleng lan pracaya marang Sang Putra, iku nduwenana urip langgeng …” (ayat. 40)
Sampun dados ayahanipun pendita yen wonten warga ingkang seda lelados ing pangibadah pametaking layon. Ing ngriku mesthi kita nekseni bilih brayat ingkang katilar nandhang kasisahan, muwun, lan wonten ingkang boten lila bilih anggota brayatipun punika tilar donya. Bab punika limrah, karana kita boten badhe pepanggihan malih kaliyan tiyang ingkang sampun seda punika. Saben tiyang ingkang gesang ing alam donya punika, sedaya badhedumugi ing pejah. Boten wonten tiyang ingkang nyumurupi titi wancinipunpepejah punika dumugi. Boten mandeng taksih anem punapa sampun sepuh, bodho utawi pinter, sugih utawi mlarat, sedaya pungkasanipun inggih dumugi ing pejah. Kathah tiyang ingakg rumaos ajrih lan boten siap ngadhepi pati.Alasanipun, wonten ingkang rumaos taksih anem, rumaos dereng saged ngentasaken putra-putrinipun, rumaos punapa ingkang dados cita-citanipun dereng  saged kasunyatan. Malah wonten ingkang ajrih seda karana rumaos bilih kasaenanipun dereng cekap kangge sangu mlebet dhateng swarga ngalami gesang langgeng.
Gusti Yesus paring prajanji dhateng kita bilih kita badhe kaparingan gesang langgeng. Tamtunipun prajanji punika ndadosaken kita langkung mantep ing iman lan kapitadosan dhateng Gusti Yesus. Gusti Yesus ingkang rawuh ing donya sanyata nebus sakatahing dosa-dosa manungsa lan maringi kawilujengan kangge kita. Prajanji punika saged dados kakiyatan, anggen kita ngadhepi gesang lan pepejah sawanci-wanci. Makaten nalika Gusti nimbali kita, kita siap karana nggadhahi pangajeng-ajeng dhateng Gusti Yesus sumbering pitulungan lan kawilujengan gesang kita.
Pramila saking punika, kita ingkang taksih dipun paringi gesang, mangga kita alami gesang kita punika sarana tumindak ingkang maedahi kagem sesami. Kita nindakaken punapa ingkang dados karsanipun Gusti dhateng kita. Lah menika ingkang ngekahi gesang langgeng ingkang kacawisaken kangge kita. Tanpa tumindak makaten, gesang langgeng menika saged oncat saking gesang kita. (AR)
“Gesang langgeng kaparingaken dhateng ingkang langgengkasetyanipun ngantos dumugi ing pati”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar