Waosan : Mateus 7: 21-29
Pamuji : KPK 62
Nats: “…wong kang nglakoni sakarsane RamaKu kang ana ing swarga” (21b)
Kathah tiyang ingkang nglampahi prentah lan pakaryanipun Gusti nanging boten dipun remeni dening Gusti. Lho, kenging punapa? Karana namung ing tata lair kemawon, boten kanthi tulusing manahipun. Sregep ngabekti lan dedonga. Kanthi semangat medharaken sabdanipun Gusti. Kados boten kanthi petung misungsung ing greja lan dedana dhateng tiyang sanes. Nanging anggenipun taat punika namung ing tata lair, namung pados pangalembana ingkang mongkokaken ati, manahipun boten nggadhahi raos urmat dhumateng Gusti. Anggenipun taat namung ngarah barkahipun Gusti, namung kagem “seneng-seneng” kemawon, boten wonten raos pasrah dhumateng Gusti. Lairipun taat dhumateng Gusti, nanging manahipun tebih saking Gusti Allah. Gusti boten remen dipun tunggil dening tiyang-tiyang ingkang makaten punika. Tiyang-tiyang makaten punika dipun tampik dening Gusti lumebet ing kratonipun.

Gusti boten namung mirsani wujuding lairipun tumindak sae. Gusti mirsani ngantos ing lebeting manah. Gusti boten kekilapan dhateng usiking manahipun manusa. Sikap taat ingkang dipun karsakaken dening Gusti Allah punika lair ngantos trusing batos. Sikap taat kedah tuwuh saking lebeting manah. Punika karsanipun Gusti Allah Rama kita. Yen tuwuh saking lebeting manah, ketaatanipun mesthi kanthi tulus, tanpa pamrih lan mesthi kalayan andhap asor, lan ngantos sagah ngalami sangsara.
Pramila sumangga kita tansah membina manah kita saben dinten supados dados tulus, murni lan saestu andhap asor. Kalayan makaten kita saestu pantes tetunggilan kaliyan Gusti ingkang sampurna. Gusti remeeen sanget dhateng tiyang ingkang andhap asor, tulus lan murni manahipun. [ST]
“Tumindak ingkang tuhu utami nggih punika ingkang kadhasaran andhap asor lan tulusing manah”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar