Waosan : Matius 6 : 19 – 23
Pamuji KPK 163: 1, 2, 3
Nats: “Amarga ing ngendi duninge bandhamu, Iya ana ing kono dununge atimu” (Ayat. 21)
Pamuji KPK 163: 1, 2, 3
Nats: “Amarga ing ngendi duninge bandhamu, Iya ana ing kono dununge atimu” (Ayat. 21)
Bandha
mesthi dipunupados dening sadhengah manungsa ingkang gesang ing alam donya
punika. Kita boten nampik menawi bandha punika pirantos kangge nyekapi
kabetahaning gesang lan nggayuh punapa ingkang dados cita-cita lan
pangajeng-ajeng. Waosan kita ing dinten punika kados-kados menggak kita supados
mboten ngempalaken bandha ing donya karana kawontenanipun boten langgeng, saged
risak lan dados sumbering dosa (irining liyan). Ananging sami ngudiya bandha
ingkang langgeng lan boten dadosaken irining liyan. Pitedah punika boten lajeng
dadosaken para pandherekipun mboten dipunparingaken ngudi bandha ing donya.
Pitedah
punika dipunaturaken dening Gusti Yesus, karana wontening pergeseran pemahaman
bab bandha. Bandha ingkang sejatosipun pirantos gesang, malah sak punika dados
tujuan gesang. Lajeng ingkang kedadosan inggih punika manungsa ngudi sak
kiyat-kiyatipun, lan sak kathah-kathahipun, nguja hawa nepsu, malah
nyikut kiwa tengen. Menawi sampun kados mekaten, bandha ingkang sejatosipun
pirantos, malah dados ilah ing lampah gesangipun.
Greja
sepi, persekutuan pemuda komplang, kebaktian anak saged diitung driji,
aras-arasen tindak patuwen brayat. Pancen punika dereng saged dipun
dadosaken patokan menawi sampun wonten pergeseran prioritas gesang. Ananging
perlu dados kaprihatosan lan kawigatosan kita sami. Pitakenan wigati tumrap
kita sedaya, wonten pundi condhonging manah kita sak punika? Punapa wonten ing
pedamelan ingkang mboten wonten telasipun, hiburan ing media
elektronik ingkang kathah ragamipun, utawi aktifitas lintunipun sampun
ndadosaken kita supe dhumateng kewajiban kita minangka umatipun Gusti, ingkang
kedah tresna dhumateng Gusti Allah lan sesami. [PKS]
Kompas rusak ora nuntun marang
panggonan kang sak mesthine
Tidak ada komentar:
Posting Komentar