Waosan: Markus 11: 27-33
Nalika Gusti Yesus rawuh ing Yerusalem para Imam lan ahli Kitab sami ngunjukaken pitakenan: “Mawi pangwaos punapa anggen Panjenengan nindahaken pandamel-pandamel punika? Tuwin sinten ingkang maringi pangwaos kangge nidhakaken pandamel-pandamel wau?” Para Imam lan ahli Kitab kepingin sumerep jalaran pandamel-pandamel ingkang katindakaken dening Gusti Yesus kala wau kebak kaelokan.

Sejatosipun Gusti
Yesus boten mbetahaken surat tugas saking sintena kemawon anggening makarya.
Awit ingkang katidakaken punika sanes manut rancanganipun manungsa nanging
manut rancanganipun lan karsanipun Allah piyambak. Sarehning para Imam gadahi
kewajiban njagi kapitadosan ingkang leres, mila inggih sampun sakmesthinipun yen
sami nyuwun pirsa dhateng Gusti Yesus piyambak. Boten namung punika kemawon.
Para Imam lan ahli Kitab sami nitiptiksa punapa Yesus punika ugi klebet salah
setunggaling nabi punapa sanes. Nanging para Imam lan ahli Kitab kala wau
pancen saestu kepingin sumerep bab Gusti Yesus? Punapa piyambakipun saestu
siaga nampeni lan pitados dhateng Gusti Yesus? Sajakipun para Imam lan ahli
Kitab punika namung menggalih dhirinipun piyambak awit rumaos yen Gusti Yesus
lan pakaryanipun punika sampun dados ancaman tumrap kalenggahanipun minangka
Imam lan ahli Kitab. Para Imam lan ahli Kitab kuwatos yen mangkenipun bangsa
Yahudi boten pitados malih dhateng piyambakipun. Awit nyatanipun sangsaya dangu
sangsaya kathah tiyang ingkang sami ngetut wingking Gusti.
Kawontenan ingkang
kados makaten kala wau taksih wonten ngantos ing wekdal samangke. Satengahing
kawontenan ingkang sarwa boten tumata, menawi wonten tiyang wonten nandhukaken
pandamel ingkang sae lan leres lsp. Malah dipun sengiti utawi malah dipun
curigai lan ugi boten dipun ajeni. Amin. (DP)
Gusti, mugi Paduka
tansah paring kekiyatan. Amin.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar