Rabu, 22 Februari 2012

Ati Kang Tulus


Waosan: Yak 2: 12-18; 2Kor 5: 20 – 6: 2; Mat 6: 1-6, 16-18.Pujian: KPK 214
Wonten satunggaling warga pasamuwan asmanipun Suratno. Tiyang punika sregep sanget nyawisaken sadaya kaperluan pangibadah Minggu, remen ngintun kaperluan-kaperluan Panitia-panitia greja nalika nyawisaken kegiatanipun. Tiyang punika ugi remen dedana dhateng tiyang sanes. Pak Ratno punika watakipun mendel, boten kathah ngendikanipun. Awit saking tulusing manahipun ing sadhengah prakawis, tiyang kathah asring ngalembana piyambakipun ing ngajenganipun tiyang kathah.
Gusti Allah punika boten nate kepingin utawi nyuwun pinundhi-pundhi dening manusa. Babar pisan boten. Anggenipun Gusti Allah mawantu-wantu paring kanugrahan dhateng manusa boten supados asmanipun pinuji-puji. Yen kita memuji lan mulyakaken asmanipun Gusti rak nggih lair saking manah kita piyambak awit nyumurupi lan ngraosaken kasaenanipun Gusti ingkang linangkung. Sadaya pakaryan luhur lan kamirahanipun katindakaken kanthi tulus sucining penggalihipun, lan namung murih karaharjan lan kabingahaning titahipun.
Makaten ugi Gusti Yesus ngersakaken kita nindakaken sadaya ukum agami lan sadengah kasaenan kanthi tulusing manah kita. Sadaya pamrih kedah dipun bucal. Saben-saben kita nindakaken kautamen, punika kedah namung kadhasaraken anggen kita mbangun turut dhateng Gusti lan murih karaharjaning tiyang sanes. Pamrih supados kasaenan kita dipun sumurupi lan supados kita dipun alembana dening tiyang sanes kedah kita singkiri lan kita bucal.
Pangalembana pancen mbingahaken manah. Nanging tiyang ingkang remen pamer kasaenan boten badhe pikantuk pangalembana ingkang tulus. Yen ta pancen wonten pangalembana sacara langsung, sejatosipun punika namung api-api (boten tulus). Tiyang ingkang pamer kamursidan boten badhe pikantuk piwales saking Gusti lan manusa, karena kamursidanipun boten kanthi tulusing manah. (STC)
Namung kasaenan lan kamursidan ingkang tulus ingkang ngremenaken tiyang kathah lan mranani penggalihipun Gusti.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar