Waosan : Lelakone Para Rasul 3: 11-26.
Pamuji : KPK 195: 1, 2
Nats : “Sarehne wong iku tansah ngetutake marang Rasul Petrus lan Rasul Yokanan, mulane wong akeh kang padha kaeraman banget iku kabeh padha teka ngrubung….”. [ayat 11]
Pamuji : KPK 195: 1, 2
Nats : “Sarehne wong iku tansah ngetutake marang Rasul Petrus lan Rasul Yokanan, mulane wong akeh kang padha kaeraman banget iku kabeh padha teka ngrubung….”. [ayat 11]
Kotbah inggih punika sarana martosaken sabdanipun Gusti supados saged dipunmangertosi lan dipuncakaken ing lampah pigesangan sadinten-dinten. Asring kita mireng tanggapan saking warganing pasamuwan sasampunipun mirengaken khotbah minggu utawi peladosan sanesipun. Wonten ingkang mastani bilih khotbahipun lucu, marahi ngantuk, cekak ning penak. Wonten ugi ingkang kanthi terang-terangan nyebataken sing khotbah kaya gajah diblangkoni. Pancen kita dipunparingi kasagedan piyambak-piyambak sarta nggadhahi kekirangan martosaken sabda suci. Ananging kadosa pundi kawontenan kita, khotbah punika mboten saged dipunsepelekaken dening peladosipun lan ugi ingkang mirengaken. Sejatosipun kados pundi ciri-ciri khotbah ingkang sae punika?
Khotbah ingkang sae inggih kados dene khotbah Rasul Petrus ing “Bangsal Suleman”. Rasul Petrus dereng mangertos bab ilmu berkhotbah utawi homiletika, kanthi tafsir naratif, diskriptif utawi sanesipun. Ingkang dipunmangertosi bilih ingkang dipunwartosaken inggih pawartos sih rahmat saking Gusti Allah. Mboten dipunkirangi lan mboten dipuntambahi. Menawi ingkang dipundamel conto punika dhirinipun mboten ateges supados ketingal pinunjul, ananging ngantepaken malih bilih Gusti Yesus ingkang makarya, nyarengi lan ngiyataken lampah gesangipun kanthi nyata. Punika ingkang kedah dipungadhahi dening para pengkhotbah. Ingkang dipunpawartosaken inggih namung Gusti Allah lan pakaryanipun piyambak.
Mekaten ugi dhumateng kita ingkang mirengaken. Sampun ngantos kita dhawah karana langkung remen mbiji pengkhotbahipun kemawon. Ananging ingkang langkung kita gatosaken inggih punika punapa dhawuhipun Gusti Allah ingkang kedah kita lampahi. Kita mboten badhe perduli sinten ingkang khotbah, mboten badhe gampil tersinggung menawi pas kaliyan gesang kita. Menawi pengkhotbah lan ingkang mirengaken sampun sami sumadya, kita nyuwun Roh Suci paring kiyat anggen kita nglampahi sesarengan. [PKS]
“Pengkhotbah maupun pendengar sama-sama membutuhkan ketulusan.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar