Waosan : I Yokanan 4 : 7 – 21
Pamuji: KPK 165
Nats : “Kita tresna marang Gusti Allah, merga Gusti Allah wis nresnani kita luwih dhisik.” (Ay. 19)
Pamuji: KPK 165
Nats : “Kita tresna marang Gusti Allah, merga Gusti Allah wis nresnani kita luwih dhisik.” (Ay. 19)
Tembung katresnan tembung ingkang sampun anjrah lan kita asring sanget ngginakaken ing sedaya babagan gesang lan pigesangan kita.
Ingkang kita raosaken ing wekdal punika mbokmenawi wonten bentenipun menawi kabandhing kaliyan tembung katresnan umumipun. Wonten ing pundi bentenipun katresnan Kristen menawi kabandhing kaliyan katresnan sanesipun?
Pancen katresnan kita dhateng Gusti lan sesami mujudaken wangsulan tumraping katresnanipun Gusti dhateng kita. Ananging ingkang dipun terangaken dening Yokanan ing waosan punika sanes bab punika, ananging bab anggen kita nindakaken katresnan utawi nresnani. Kanthi katresnan Kristen inggih punika katresnan dhateng tiyang-tiyang ingkang mesthenipun boten pantes dipun tresnani. Katresnan ingkang pinangkanipun saking Allah, jatining katresnan. Katresnan ingkang boten adhedhasar saking tiyang ingkang dipun tresnani. Kita saged nindakaken katresnan ingkang mekaten jalaran Gusti Allah wonten ing Gusti Yesus sampun langkung rumiyin nresnani kita.
Ktresnan Kristen boten gumantung dhateng ingkang kita tresnani, senadyan mbokmenawi tiyang ingkang kedah kita tresnani boten pantes nampeni katresnan kita. Menawi kita namung nresnani dhateng tiyang ingkang nresnani kita, punapa bedanipun menawi kabandhing kaliyan sanesipun? Malah mbokmenawi setan saged nindakaken kados mekaten (Mat 5: 44, 46). Katresnanipun Gusti Yesus nyrambahi lan lila ngurbanaken sarira amrih kawilujenganing jagad.
Katresnan Kristen ingkang kedah kita wujudaken ing gesang kita padintenan inggih menika ingkang pinangkanipun saking Allah, katresnan ingkang boten gumantung dhateng ingkang dipun tresnani, katresnan ingkang nyrambahi, katresnan ingkang lila kekurban amrih karaharjaning titah. Lan sedaya punika kedah kita tindakaken kanthi suka bingah, minangka wujuding saos sokur kita dhateng Gusti, awit Gusti sampun nresnani kita. Amin. [SS]
“Katresnan kang satuhu boten gumantung dhateng ingkang dipun tresnani”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar