Waosan : Yesaya 50 : 4 – 9a
Nats : Ayat 7
Pamuji : KPK 120
Nats : Ayat 7
Pamuji : KPK 120
Sadhar utawi boten manungsa
menika kadunungan watakbela-diri. Saben rumaos dipun serang tamtu tansah
bela-diri, menapa malih yen ingkang dipun serang menika gegayutan kalian
tumindak. Tamtu wonten kemawon alesan ingkang kita ginakaken. Wiwit bocah
ngantos piyantun sepuh tamtu sampun kulina damel alesan. Tatacaranipun pancen
ingkang benten-benten. Wonten ingkang bela-diri srana frontal(kasar) malah
asring baliknyerang, ananging wonten ugi ingkang namung dipun simpen ing
salabeting manah kemawon sanadyan sampun nyawisaken strategi nyerang balik.
Serang-sinerang menika ingkang ndadosaken tatananing gesang kita sansaya
semrawut, krana crah lan cecongkrahan ingkang tansah dipun lampahi. Brayat,
greja ugi asring tinebihaken saking raos tentrem yen warganipun taksih asring
anggadahi sikap bela-diri, menapa malih remen nyerang tiyang sanes. Lha, sikap
menika ugi mratelakaken bilih kita dereng saget dados siswanipun Gusti. Krana
sikap ingkang tansah dipun tindakaken dening siswanipun Gusti inggih menika
sumedya midhangetaken (ay 4). Nadyan talingan panas midhangetaken, nanging
estunipun yen kita kanthi estu-estu midhangetaken kita sagednggatosaken menapa
kersanipun tiyang ingkang ngendika dhateng kita. Manawi kita boten pilih-pilih
anggenipun nggatosaken lan midhangetaken kita sampun sinau dados siswanipun
Gusti.
Wonten ing waosan dinten menika
kita ugi dipun emutaken malih sikap ingkang leres minangka siswanipun Gusti
inggih menika tiyang ingkang sumedya tansah nilingaken Sabdanipun. Gusti
kagambaraken kados dene guru ingkang paring piwucal dhumateng murid. Manawi
muridipun estu-estu nggatosaken piwucali-Pun tamtu badhe pikantuk ngelmu. Srana
ngelmu menika lelampahan, wicantenan dalah tindhak-tandhuk kita migunani lan
dados berkah tumrap tiyang sanes. Malah kita sagah dipun pula-sara dening
tiyang ingkang sengit, lan boten nepsu, awit yen siswanipun Gusti dipun siksa
tamtu Sang Guru pribadya ingkang mbelani. Yen kita ngajeng-ajeng gesang tentram
rahayu, sumangga sampun kita bingung bela-diri, menapa malih pados bala supados
mbelani kita nalika wonten ingkang nyerang kita. Kita gatosaken lan pirengaken
kemawon menapa ingkang dipun aturaken, awit ingkang mbelani kita menika Gusti
Allah piyambak.[to2k]
Mbelani dhiri koncatan pakurmatan, ananging merdi dhiri
uripe lestari.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar