Waosan : Rum 6 : 1 – 11
Pamuji : KPK 71
Nats : ”Amarga kita padha sumurup yen kamanungsan kita kang lawas iku wus ndherek sinalib, supaya awak kita dununging dosa kita iki sirna panguwasane, lan kita padha ora ngawula marang dosa maneh.” [ayat 6]
Pamuji : KPK 71
Nats : ”Amarga kita padha sumurup yen kamanungsan kita kang lawas iku wus ndherek sinalib, supaya awak kita dununging dosa kita iki sirna panguwasane, lan kita padha ora ngawula marang dosa maneh.” [ayat 6]
Pak Kolo duka sanget nalika mangertos wonten rencangipun ingkang damel masalah kaliyan piyambakipun. Pak Kolo getem-getem badhe nglabrak rencangipun ingkang kaparingan asma Pak Siyo. Nanging nalika badhe bidhal dhateng dalemipun Pak Siyo, semahipun paring pepenget makaten: ”Eling lho Pak, sampeyan kuwi wong Kristen. Kudu sabar, andhap asor marang liyan, merga Gusti Yesus ya nglampanhi ngono….” Nanging, menapa wangsulanipun Pak Kolodhateng semahipun? ”Wis ora kristen-kristenan, ora sabar-sabaran. Wong kaya ngono kuwi yen diumbar malah ndadra karepe dhewe. Lan maneh, aku dudu Gusti Yesus sing disalib. Menenga wae!”
Kados pundi panjenengan sami mirsani Pak Kolo? Menapa leres menawi ing salah satunggaling emosi kita saged ngicali kekristenan kita? Rasul Paulus paring pitedah dhateng pasamuwan ing kitha Rum lan ugi dhateng kita sedaya bilih menapa ingkang dipun tindakaken Pak Kolomenika boten leres. Kekristenan menika boten namung dados agami utawi identitas(jati dhiri) kita, ananging kekristenan menika nimbali kita sedaya sageda nunggil kaliyan Sang Kristus. Pitakenanipun Paulus: Apa kowe ora padha sumurup, yen kita kang wus padha kabaptis ana ing Sang Kristus, iku ateges wus padha kabaptis ana ing sedane? (ayat 3), lan malih: Amarga kita padha sumurup yen kamanungsan kita kang lawas iku wus ndherek sinalib, supaya awak kita dununging dosa kita iki sirna panguwasane, lan kita padha ora ngawula marang dosa maneh. Dados cetha sanget kangge kita bilih Gusti Allah nimbali kita sedaya ndherek sinalib sesarengan kaliyan Gusti Yesus piyambak. Milanipun, ing sedaya kahanan, ing sedaya perasaan emosional, swawi kita ugi sinau ndherek sinalib kaliyan Gusti. Sampun ngantos salib menika namung dados simbol ingkang endah, nanging ugi kita pikul ing salamining gesang. Awit menawi kita ndherek sinalib kaliyan Gusti, kita ugi badhe ndherek wungu sareng Gusti Yesus. Amin. [Mbing]
Kekristenan menika sanes namung kawastanan agami, nanging ugi kawastanan: timbalan mikul salib.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar