Kamis, 18 Oktober 2012

Ngenget-Ngenget Lan Manut


Waosan : Lukas 10: 1-9.
Pamuji :  KPK  190: 1, 2, 4.
Nats: “Padha mangkata, la kowe padha Dak utus kaya dene menyang ing satengahing asu ajag” (ayat 3)
Wonten satungaling lare alit ingkang ketingal ndremimil ing sauruting margi. Wekdal dipundangu, lare menika mungel menawi dipunutus dening ibunipun blanja ing wande. Lajeng dipundangu malih “Arep tuku apa, Ndhuk?” Lare menika nyebataken punapa kemawon ingkang kedah dipuntumbas. Dipunenget-enget wonten enem perangan, nanging lare menika kesupen perangan ingkang pungkasan lajeng mlajeng wangsul kanthi raos isin. Gambaran ing nginggil ngetingalaken bilih nindakaken tanggel jawab punika boten gampil. Saking tanggel jawab ingkang ketingal prasaja kados dene lare alit kala wau ngantos para sekabat cacah pitung dasa ingkang kautus ing kitha-kitha ingkang badhe dipunrawuhi Gusti Yesus. Para sekabat kautus supados nyawisaken papan ingkang badhe dipunrawuhi Gusti Yesus, kanthi mangertosi kahananipun. Punika ugi boten saged sembarangan katindakaken. Wonten bab-bab ingkang kedah dipun gatosaken. Malah kasebat dening Gusti Yesus menawi jejibahan punika gambaranipun kados menda ingkang wonten ing satengahing asu ajag.
Gambaran punika mesthinipun badhe ngetingalaken bilih menda punika boten nggadhahi kadigdayan menapa-menapa. Lan menawi saged medal saking tengah-tengahipun asu ajag kala wau, mesthi boten karana pambudidayanipun piyambak, ananging mesti ngendelaken pitulungan.  Mekaten ugi dhateng kita para utusanipun Gusti. Selaku seksi katresnanipun Gusti, kita boten saged ngendelaken kasagedan lan kekiyatan kita piyambak, karana kawontenan kita punika winates. Ingkang kedah kita tindakaken inggih manut kanthi ngenget-enget punapa kemawon ingkang dipun dhawuhaken dening Gusti. Ngenget-enget dhawuhipun srana sregep maos Kitab Suci, ndherek pangabekti, setya dedonga. (PKS)
“Sabegja-begjane wong lali, isih luwih begja sing eling lan waspada”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar