Selasa, 16 Oktober 2012
Katresnan Sejati
Waosan: Galatia 5: 1-8.
Pamuji: KPK 103
Nats: “…Mung pracaya kang tumindak ing gawe kalawan katresnan” (ayat. 6)
Satunggaling mahasiswa ilmu hukum criyos bab hakim ingkang sae. Hakim punika sampun senior mila ugi mumpuni sanget. Hakim mumpuni kedah mutusi prakawisipun mbok randha kesrakat ingkang nyolong tedhan. Sejatosipun Hakim wau boten purun. Prakawis punika remeh sanget. Punika sanes prakawis hukum ingkang awrat. Cekap dipun putusi dening hakim sinten kemawon. Nanging kedah katindakaken. Hakim senior kenging giliran. Wajib nindakaken tugas. Mila lajeng dipun ayahi wajibipun. Mbok randha kesrakat ingkang nyolong dipun putusi. Dipun dhendha, kedah mbayar wangsul, kedah nebus lepatipun. Dhog. Lajeng hakim wau mandhap saking palenggahanipun. Mundhut dhompetipun. Mbayar dhendhanipun mbok randha dhateng panitera. Rampung. Mbok randha kaluwaran. Punika wau cariyos bab katresnan ingkang tumindak.
Katresnan ingkang tumindak punika nglangkungi wajib. Yen namung kewajiban ingkang dipun tindakaken, tiyang sekeng ingkang nyuwun piwelas malah dipun ukum. Nanging yen namung dhasar tresna, mangka nglirwakaken formalitas, pigesangan lajeng dados worsuh. Mila, Pak Hakim nindakaken kekalihipun. Formalitas dipun ugemi. Dene risiko-nipun dipun tanggel sarana nulungi, murih tiyang sekeng saged kaluwaran. Punika wau cariyos bab Gusti Yesus lan para umat kagunganipun. Sacara formal, angger-angger Toret kedah kelampahan, kedah dipun tuhoni dening Gusti Yesus. Dalah paukumaning pejah ugi dipun tanggel dening Gusti Yesus. Kanthi makaten, umat kagunganipun kauwalaken saking kewajibaning Toret. Ugi kauwalan saking paukuman. Sadaya sampun karampungan dening Gusti Yesus. Gesanging para kagunganipun Gusti kantun saprakawis: pracaya kalambaran tresna. Ing jarwan sanes, ‘tresna’ ing perangan punika kasebat agape. Tegesipun, tresna ingkang tanpa pamrih. Tiyang ingkang dipun tresnani boten saged minangkani pamundhutan. Nanging dikadosa pundi tetep dipun tresnani. Malah nadyan tiyang wau boten saged ngaturaken panuwun babar pisan, pamrih dipun aturi panuwun kedah dipun bucal. Pokokipun: nandukaken katresnan. Tanpa embel-embel. [Wig]
“Katresnan jati mesthi nandukake kabecikan”
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar