Jumat, 12 Oktober 2012

Kratoning Tentrem Rahayu


Waosan: Lukas 11: 14-26.
Pamuji: KPK 294: 1,3,4
Nats: “Nanging manawa Aku nundhung dhemit nganggo panguwasaning Allah, dadine Kratoning Allah wis nekani kowe” (ayat. 20)
Dhemit dados sumbering dosa ingkang ngereh (menguasai) gesanging manusa. Dhemit dados sumbering sadhengah kadurakan lan karisakan. Gusti Yesus kalayan panguwasanipun Allah sampun nundhung dhemit saking lebeting gesang kita. Kita sampun kauwalaken saking rehing dosa, saking sakathahing kadurakan lan karisakan. Gesang kita sampun dipun resiki klayan panguwasaning rahipun Gusti Yesus, ngalami rahayu. Gesang kita ingkang sampun resik punika kedah dipun isi klayan Kratoning Allah. Nanging Kratoning Allah punika punapa lan kados pundi? Kratoning Allah punika bab kayekten (kebenaran), kaadilan lan katresnan ingkang dados pamarintahanipun Gusti Allah. Inggih kayekten, kaadilan lan katresnan punika ingkang kedah dados isining gesang kita.
Manawi gesang kita kaisenan kayekten, kita mesthi remen tumindak jujur; jujur dhateng semah, dhateng anak, dhateng tiyang sepuh, jujur dhateng tiyang sanes. Yen gesang kita kaisenan kayekten, kita mesthi boten remen lan boten purun tumindak dora (ngapusi); cocok antawisipun pangucap lan kalakuan. Manawi gesang kita kaisenan kaadilan, tumindak kita mesthi boten mban cindhe mban ciladan, tegesipun pilih kasih. Sadaya tiyang dipun ajeni, nadyan punika namung “rencang” (pembantu rumah tangga), nadyan punika tiyang mlarat, tiyang ingkang boten nggadhahi jasa punapa-punapa dhateng kita; boten tumindak sawenang-wenang dhateng rencang, anak, semah lan sintena kemawon.
Manawi gesang kita kaisenan katresnan, kita mesthi remen ngapunten kalepatanipun tiyang sanes kawiwitan ing brayat kita piyambak (semah, anak, tiyang sepuh, rencang), boten nggadhahi raos dendam, boten wonten raos sengit (benci), kita mesthi remen dedana (memberi) kanthi sukalila. Kratoning Allah sampun ndhatengi kita. Nanging, punapa kratoning Allah punika sampun lumebet ing manah lan gesang kita? Punika gumantung dhateng sikap kita. [ST]
“Yen kratoning Allah wonten ing gesang kita, manah kita mesthi kebak katentreman lan kabingahan”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar