Jumat, 20 April 2012

Gupuh Suguh ?


Waosan: Yokanan 6: 1-15
Pamuji  : KPK 174

Nats : ”Roti pangaos kalih atus dinar boten badhe nyekapi kangge tiyang samanten kathahipun punika….(ay 7)
Kados pundi raosipun nalika dalem panjenengan kepanggenan pangibadah brayat / patuwen (KRW) ingkang rawuh kathah sanget? Tamtu bingah sanget, nanging kados pundi yen kosumsi ingkang panjenengan cawisaken boten cekap kagem sedaya ingkang rawuh? Tamtu gupuh lan bingung. Yen kita mangertos kosumsi menika boten cekap wiwit bebukaning ibadah tamtu sauruting ibadah kita namung menggalih kosumsi ingkang kirang katimbang midhangetaken khotbahipun.
Waosan kita nyariosaken bilih menggahing Gusti Yesus suguhan ugi penting kagem sadaya ingkang rawuh ing patunggilan. Menapa malih ingkang sami rawuh boten namung saking papan ingkang caket nanging ugi saking papan tebih. Krana katresnanipun Gusti Yesus ngawontenaken mukjijat paring tedha dhateng sadaya ingkang rawuh ing patunggilan. Wonten ing babagan menika tetela bilih wujuding katresnanipun Gusti boten namung paring piwucal bab kratoning swarga nanging ugi paring suguhan, roti lan ulam kagem kabetahanipun tiyang ingkang ndherek Panjenenganipun.
Kita tinimbalan nuladha tindakipun Gusti Yesus. Menika saged kaleksanan yen kita ugi nggadahikepedulian lan katresnan dhateng tiyang-tiyang ingkang wonten sakiwa-tengen kita. Kita asring rumaos boten gadhah menapa-menapa kangge nyuguhi tiyang ingkang mbetahaken. Kita asring rumaos bilih ingkang kita gadhahi menika sakedhik sanget. Sami kaliyan wangsulanipun Filipus: ”Roti pangaos kalih atus dinar boten badhe nyekapi kangge tiyang samanten kathahipun punika….(ay 7). Estunipun ingkang dipun kersakaken Gusti Yesus sanes cacah kathah, nanging menapa kita peduli lan purun tumindak yen wonten tiyang ingkang mbetahaken? Amin (to2k)
“Weweh punika boten gumantung sepinten ingkang kita gadahi nanging sepinten agunging katresnan.”
Sumber : gkjw.web.id dan 3.bp.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar