Rabu, 18 September 2013

Besuk Ning Ngganggu

Waosan: Lukas 4:38-44.   
Pamuji:
 KPK 116
Nats : “Ibuné maratuwa Simon lagi lara panas lan ana wong sing padha ngaturi pirsa bab kuwi marang Gusti Yésus. Panjenengané nuli nyelaki peturoné sing lara mau, banjur ngusir lelarané.” (ay. 38b-39a)
Wonten satunggaling warga pasamuwan ingkang nandhang sakit sanget, opname ing Rumah Sakit, mbetahaken ngaso total. Warga menika priyantun ingkang sae lan kalebet orang penting ing pasamuwan: mantan anggota PHMJ, Ketua Panitia Pembangunan Gedung Gereja. Sedherek menika lan brayatipun mboten ngersakaken tiyang kathah (sedaya warga pasamuwan) nyumurupi anggenipun sakit; namung sawatawis kemawon ingkang dipun aturi pirsa. Kenging menapa kok mboten ngersakaken tiyang kathah nyumurupi sakitipun?
Kathah tiyang mboten mangertos tumindak ingkang prayogi tumrap tiyang ingkang saweg nandhang sakit. Temah menawi sami nuweni sedherek ingkang sakit mboten ngentheng-enthengi panandhangipun, nanging malah mengganggu. Ingkang sakit lajeng mboten saged ngaso, saya sayah karana nyalami tiyang kathah, kamaripun pengab karana kekathahen tiyang lumebet. Ingkang sakit malah saya kuatos lan ajrih karana dipun criyosi bab pisakitipun tiyang sanes ingkang wusananipun seda. Ingkang sakit bingung karana kathah ingkang paring pitutur lan pitedah obat alternatif, mangka sampun pitados dhateng obat lan perawatanipun dokter.
Kita saged sinau saking 3 pihak ing waosan kita dinten menika:
1.     “…wong sing ngaturi pirsa … Gusti Yesus.” Kita ndongakaken ingkang sakit ing griya kita utawi sesarengan ing greja.
2.     Gusti Yesus. Panjenenganipun asring lumebet ing kamaripun  ingkang sakit namung ngajak sakabatipun 3. Yen kita sesarengan tiyang kathah nuweni tiyang sakit, kedah gegantosan mlebet ing kamaripun si sakit; mekaten ugi nalika ndedonga nggih cekap tiyang sekedhik kemawon.
3.     Marasepuhipun Simon namung pasrah sawetah. Nanging sareng saras tumunten ngladosi para tamunipun. Yen kita sakit prayogi kita pasrah sawetah dhateng panguwasanipun Gusti, sarta nedya lelados dhateng Gusti lan sadaya tiyang menawi sampun saras. [ST]
“Gusti mugi nuntun kawula, supados sampun ngantos tumindak kawula nambahi panandhanging asanes!”


Selasa, 17 September 2013

Ice Cream Sundae

Bacaan: I Korintus 11:2. 17-22.   
Nyanyian: 
KJ no.433
Nats :
 Atau maukah kamu menghinakan Jemaat Allah dan memalukan orang-orang yang yang tidak mempunyai apa-apa?” (ayat 22b)
Suatu ketika ada seorang anak kecil yang hendak membeli ice cream (es krim).Ia menanyakan harga semua jenis ice cream satu per satu hingga membuat si pelayan menjadi kesal dan gusar. “Kamu mau membeli atau tidak?” tanya si pelayan dengan perasaan kesal. Lalu anak tersebut memesan segelas ice cream sundae. Setelah menikmatinya, lalu anak itu meletakkan uang di mejanya.
Ketika pelayan membersihkan meja si anak kecil tadi, ia mendapati beberapa uang dollar yang letaknya sedikit terpisah. Beberapa dollar sesuai dengan harga ice cream sundae dan sebagian lagi rupanya adalah tip yang diberikan si anak kecil tadi kepada pelayan. Pelayan tadi mulai tertegun. Rupanya ketika anak tersebut menanyakan harga tiap-tiap ice cream di toko tersebut, ia sedang memikirkan apakah uangnya cukup untuk membeli satu jenis ice cream dan sekaligus memberikan tip bagi si pelayan.
Paulus menegur jemaat di Korintus sehubungan dengan perjamuan malam di sana. Memang tiap-tiap orang membawa dan memakan makanan mereka sendiri-sendiri (ayat 21). Dalam hal ini tentulah  orang yang kaya akan membawa makanan yang lebih enak dan banyak dibanding mereka yang miskin. Namun yang dikehendaki Paulus adalah kesediaan untuk saling berbagi dengan sesama, terlebih dengan mereka yang tidak mampu, agar mereka yang miskin tidak kelaparan karena mereka hanya mampu membawa sedikit makanan saja, yang tentu saja tidak akan cukup mengenyangkan mereka.
Marilah kita belajar dari pengalaman anak kecil tadi yang tidak hanya memikirkan kepentingannya sendiri, namun dengan kesadaran ia mau berbagi dengan pelayan yang telah melayaninya. Tuhan menginginkan kita untuk dapat berbela rasa dengan mereka yang tidak mampu agar supaya mereka juga bisa merasakan berkat dari Tuhan. Amin. [DK]
Orang yang kaya bukanlah mereka yang memiliki banyak harta, melainkan mereka yang rela berbagi dengan sesamanya.


Senin, 16 September 2013

Ngentir Ora Kentir

Waosan: 1 Korinta 10: 14-11:1       
Pamuji: 
KPK 105: 1,2
Nats
 : “……Dadia kowe mangan, dadia kowe ngombe, dadia nglakoni apa wae liyane, kabeh iku mau lakonana kagem kaluhurane Gusti Allah” (ayat 31)
Gesang sesarengan ing satengahing masyarakat pancen mboten gampil, punapa malih kita minangka tiyang Kristen Jawi. Menawi klentu mapanaken dhiri lan kirang srawung, kita saged kaanggep eksklusif (sok suci). Gusti Allah mboten remen menawi para putranipun tetunggilan (raket) kaliyan  roh reged. Ananing Gusti Allah ugi ngemutaken menawi kita kedah ngudi “kasenengane liyan tinimbang untunge dhewe.” Kalih perkawis punika asring cengkah (bertolak belakang) wonten ing kasunyataning gesang.
Kitha Korinta punika kitha perdagangan lan kabudayan sarta pusat penyembahan dewa-dewi. Tamtu dados satunggal pergumulan kagem tiyang Kristen rikala semanten. Rasul Paulus minangka abdinipun Gusti paring pitutur menawi tiyang Kristen mboten pikantuk eksklusif ing gesang pasrawungan. Sampun pilih-pilih tetedhan, unjukan ingkang dipunsade lan mbokmenawi dipunparingi dening tiyang sanes. Punika dados tantangan kagem tiyang Kristen Yahudi ingkang taksih ngugemi bab halal haram. Sedaya kedah katampi kanthi pemanggih enggal bilih bumi saisinipun punika titahipun Gusti ingkang sae. Kejawi menawi wonten pemanggih bilih tetedhan lan omben punika katujukaken kangge brahala, kita kedah waspada.
Mboten saged dipunselaki bilih kabudayan jawi punika taksih nguri-uri ritual-ritual ingkang dipunpitadosi dados piranti kawilujengan (slametan). Wonten saperangan tiyang Kristen jawi ingkang njagi kaimananipun kanthi gebyah uyah menawi kaaturan  kenduren, slametan, mitoni, petang puluhan mboten ndherek ngrojongi.
Pituturipun Rasul Paulus punika saged dados cepengan kita. Kita tetap saged mujudaken tresna kanthi ngrojongi kabingahan utawi kasisahanipun sedherek kita tanpa was sumelang. Punapaa kemawon ingkang dipun segahaken saged kita tampeni kanthi saos sokur lan panyuwun saha keyakinan dhumateng Gusti. [PKS] 
“Gusti Yesus, Paduka lenggah kaliyan tiyang-tiyang dosa supados kawula ugi saged lenggah kaliyan Paduka.”


Kamis, 12 September 2013

Pengajeng-Ajeng Kasaenan

Waosan :  1 Korinta 9 : 1-15.     
Pamuji : 
KPK  125
Nats : “… kang mluku iya kudu mluku kanthi pangarep-arep, lan kang nggiling iya kudu nggiling kanthi pangarep-arep oleh pandumane.” (ayat 10)

Tiyang tani makarya saben dinten wiwit enjing ngantos sonten nggadahi pengajeng-ajeng pikantuk hasil panen ingkang sae lan kathah. Para anak sinau/sekolah wiwit alit ngantos dewasa nggadhahi pengajeng-ajeng supados cita-citanipun saged kasunyatan. Tiyang sakit tindak dhateng griya sakit utawi priksa dokter nggadhahi pengajeng-ajeng saged enggal saras. Sedaya pangajeng-ajeng punika nuwuhaken kasaenan kangge gesanging manungsa. Srana pangajeng-ajeng manungsa pitados bilih sedaya ingkang dipun tindakaken badhe ngedalaken woh ingkang sae kangge gesangipun.
Rasul Paulus anggenipun ngladosi pasamuwan Korinta ngadhepi kathah perkawis ingkang awrat. Salah setunggalipun, wonten tiyang ingkang menyangsikan karasulanipun Paulus. Bab punika saged dipun mangertosi karana wiwitan Paulus boten kalebet ing antawisipun para sakabatipun Gusti Yesus. Mila kathah tiyang ingkang menyangsikan piwucal lan kuwaosipun Paulus. Nadyan mekaten Paulus boten mutung, panjenenganipun kagungan pengajeng-ajeng bilih piwucalipun dhateng pasamuwan Korinta, saged katampi lan dados berkah. Paulus boten ngegungaken dhirinipun, nanging Gusti Yesus ingkang sampun nimbali piyambakipun. Pramila kasebataken kados dene tiyang ingkang “mluku kedah mluku kanthi pengajeng-ajeng, tiyang ingkang nggiling kedah nggiling kanthi pangajeng-ajeng nampi pandumanipun”. Mekaten pakaryanipun Paulus ingkang ewed martosaken sih rahmatipun Gusti, ingkang kadhasaran  pangajeng-ajeng, boten badhe muspra.
Punapa kita nate semplah salebeting gesang? Punapa nate wonten tiyang sanes ingkang menyangsikankita? Rasul Paulus dados patuladhan, kados pundi anggen kita ngadepi perkawis punika. Kita kedah tetep nggadhahi pengajeng-ajeng lan pitados dhateng Gusti. Pengajeng-ajeng bilih sedaya pakaryan, tumindak lan gesang kita badhe ngedalaken kasaenan kangge sesami kita. Gusti Allah tamtu mitulungi lan nuntun lampah kita, temah kita saged ngedhepi ewding gesang punika. Amin. (AR)
Pengajeng-ajeng dhateng Gusti Allah boten badhe muspra karana punika sumbering kakiyatan kita.


Rabu, 11 September 2013

Menghormati Hati Nurani Orang Lain

Bacaan : 1 Korintus 8 : 1 – 13
Pujian : KJ 424
Nats : “Tetapi jagalah supaya kebebasanmu ini jangan menjadi batu sandungan bagi mereka yang lemah” (ayat 9)

Persoalan yang ditimbulkan oleh orang Korintus adalah salahkah jika orang Kristen makan daging yang telah dipersembahkan kepada berhala? Di Korintus waktu itu biasanya pada kesempatan tertentu orang-orang berkumpul untuk makan bersama dalam kuil. Bolehkah orang Kristen bergabung? Paulus menjawab: orang Kristen adalah bebas, tetapi ada pertimbangan-pertimbangan lain yang dapat membatasi penggunaan kebebasannya.
Bacaan kita hari ini menyatakan kebenaran tentang Allah, bahwa tidak ada Allah lain dari pada Allah yang Esa. Ini adalah pengertian dan kenyataan yang benar, sebab sekalipun banyak yang disebut “allah” namun allah berhala tidak berarti seperti Allah. Paulus berkata bahwa roh jahat itu ada dan dapat mendorong pada penyembahan berhala, untuk menjauhkan manusia dari ibadah terhadap Allah yang sejati.
Ciri khas kita orang Kristen adalah mengakui satu Allah saja sebagai Bapa dan sebagai sebab pertama dan yang terakhir dari segala sesuatu. Bersama dengan Dia mengakui Yesus Kristus sebagai Tuhan dan sebagai Pengantara.
Ada sebagian penduduk Korintus yang lemah kondisinya merasa berbuat salah jika mereka makan daging yang telah dipersembahkan kepada berhala. Hati nurani mereka merasa dinodai. Kita orang Kristen memang bebas, tetapi kita tetap perlu memperhatikan orang lain yang hati nuraninya mungkin bisa terluka oleh kebebasan kita. Seorang Kristen seharusnya tidak melakukan sesuatu yang menyebabkan orang lain terluka, tersakiti, ternodai dan menyebabkan ketidak nyamanan. Marilah kita menghormati hati nurani orang lain, demi kerukunan dan rasa damai bersama semua orang. Jangan sampai orang Kristen bersikap masa bodoh yang karena perbuatannya, apalagi kelalaiannya orang lain jadi celaka. (Sri)

Keindahan hidup bukan seberapa bahagianya diri anda, tetapi seberapa bahagianya orang lain karena kehidupan anda. (Xavier Quentin Pranata)


Selasa, 10 September 2013

Duwit Gobeeeer….

Waosan: Mateus 23:23-26.
Pamuji: 
KPK 51
Nats : “Kowé wong Farisi sing picak. Resikana dhisik njeroné cangkir lan piring-piring kuwi, supaya njabané iya bisa dadi resik!” (ayat 26)
Ing laladan Ponorogo lan kiwa tengenipun mastani dhuwit kricik/cring menika dhuwit gober. Kejawi kenging kangge nenumbas ugi nggadhahi guna sanes. Padatan arta Gober Rp 5,-  kenging kangge kerokan tiyang masuk angin. Manawi dipun tingali, arta gober ingkang gadhah 2 sisi (rai) menika kalebet multifungsi(warni-warni paedah). Gober tegesipun nggadahi 2 rai, inggih menika sisih kiwa lan sisih tengen, ingkang mureb lan ingkang mlumah. Sinaosa ketingalipun celak awit ing setunggal awak, nanging kasunyatanipun ungkur-ungkuran. Dados, estunipun tebih sanget kawontenan wujuding rai setunggal lan setunggalipun.
Kita lan mbokbilih saperangan umat Kristen, nggadhahi sikep kadosdene arta gober menika. Mapan ing badan setunggal menika, tiyang saged gesang ing 2 sisi ingkang benten sanget. Setunggal perangan kita dados tiyang Kristen ingkang sae, sregep dhateng greja, malah saged kapilih dados anggota Majelising pasamuwan. Nanging ing perangan sanes kita ugi saged kaseret ombaking gesang dados tiyang ingkang duraka, wengis, mancahi lan tebih saking garis marginipun Gusti Yesus.
Gusti Yesus sampun paring piwucal supados kita “ngresiki dhisik njerone cangkir lan piring”, supados njawinipun saged tumut resik. Manawi lebeting pribadi kita kemawon sampun nggadhahi 2 rai ingkang cengkah, mesti njawinipun inggih duraka.
Prmila waosan kita dinten menika ngemutaken, bilih kita sampun namung resik ing njawi, ketingalipun kemawon, nanging wigatos supados resik lebetipun. Manawi lebetipun dipun kuwaosi dening kersanipun Gusti Yesus, mesthi njawinipun/ tampilanipun inggih resik lan sae. Sampun ngantos kados dene arta gober, dados tiyang Kristen ingkang nggrejani, nanging ugi dados tiyang ingkang kebak dosa awit saking kathahing kadurakan. Sampun ngantos kita dados tiyang Kristen  ingkang dipun kuwaosi dening kawengisan lan tumindak ingkang tebih saking marginipun Gusti Yesus. [HS]
“Ati kang padhang agawe patrap nyunarake kamulayning Sang Kristus.”


Senin, 09 September 2013

Jangan Sembrono !

Bacaan: 1 Korintus 7:25-31
Pujian : KJ 318:1,2
Nats : “Adakah engkau terikat pada seorang perempuan? Janganlah engkau mengusahakan perceraian! Adakah engkau tidak terikat pada seorang perempuan? Janganlah engkau mencari seorang!” (ay 27)
Banyak orang pintar meramalkan bahwa pada tahun 2013 banyak “selebritis” yang akan bercerai. Lepas dari ramalan itu benar atau tidak, kenyataanya melalui media masa diberitakan satu per satu selebritis mulai bercerai. Paulus mengingatkan jemaat Korintus untuk memperhatikan kesakralan perkawinan. Paulus menyampaikan bahwa:
1.     Perkawinan itu “karunia” (ay 1-9). Tidak semua orang memiliki karunia yang sama. Sebagian orang meiliki penguasaan yang lebih dari orang lain. Sebagian yang lain tidak menikah karena berbagai alasan, dan masing masing harus mengetahui kehendak Tuhan bagi dirinya.
2.     Perkawinan itu “pelayanan” (ay 10-16). Perkawinan bagi pasangan Kristiani merupakan pelayanan yang luar biasa indahnya terhadap satu dengan yang lain ketika mereka bertumbuh dalam Tuhan dan saling mencintai dalam perkawinan itu.
3.     Perkawinan itu “panggilan” (ay 17-24). Ketika anda menjadi orang Kristen, hal itu tidak menghapus kondisi anda sebelum mempercayai Kristus. Orang Yahudi tetap orang Yahudi, budak tetap budak dan orang menikah tetap menikah. Namun sekarang, dengan pertolongan Tuhan, anda memenuhi panggilan itu dengan cara yang lebih baik.
4.     Perkawinan adalah “tantangan” (ay 25-40). Paulus tidak menampik adanya berkat dalam perkawinan tetapi ia mengingatkan akan adanya tantangan yang ada dalam perkawinan itu. Khususnya, ketika mereka menghadapi kehidupan yang sulit, bahkan sangat rumit.
Jadi, membangun rumah tangga Kristiani adalah sebuah karunia, pelayanan, dan panggilan. Untuk itu hendaknya setiap orang tidak memasuki perkawinan secara “gampang atau secara sembrono”. Jangan menganggap enteng “sebuah perkawinan apalagi cerai-menceraikan”. Carilah kehendak Allah melalui perkawinan (rumah tangga) yang kita bangun bersama. Amin (DG)
Setiap orang yang mau hidup bersama harus mau kehilangan sebagian dari kebebasan, kebiasaan dan kesukaannya.