Waosan : 1 Korinta 9 : 1-15.
Pamuji : KPK 125
Nats : “… kang mluku iya kudu mluku kanthi pangarep-arep, lan kang nggiling iya kudu nggiling kanthi pangarep-arep oleh pandumane.” (ayat 10)
Pamuji : KPK 125
Nats : “… kang mluku iya kudu mluku kanthi pangarep-arep, lan kang nggiling iya kudu nggiling kanthi pangarep-arep oleh pandumane.” (ayat 10)
Tiyang tani makarya saben dinten wiwit enjing ngantos sonten nggadahi pengajeng-ajeng pikantuk hasil panen ingkang sae lan kathah. Para anak sinau/sekolah wiwit alit ngantos dewasa nggadhahi pengajeng-ajeng supados cita-citanipun saged kasunyatan. Tiyang sakit tindak dhateng griya sakit utawi priksa dokter nggadhahi pengajeng-ajeng saged enggal saras. Sedaya pangajeng-ajeng punika nuwuhaken kasaenan kangge gesanging manungsa. Srana pangajeng-ajeng manungsa pitados bilih sedaya ingkang dipun tindakaken badhe ngedalaken woh ingkang sae kangge gesangipun.
Rasul Paulus anggenipun ngladosi pasamuwan Korinta ngadhepi kathah perkawis ingkang awrat. Salah setunggalipun, wonten tiyang ingkang menyangsikan karasulanipun Paulus. Bab punika saged dipun mangertosi karana wiwitan Paulus boten kalebet ing antawisipun para sakabatipun Gusti Yesus. Mila kathah tiyang ingkang menyangsikan piwucal lan kuwaosipun Paulus. Nadyan mekaten Paulus boten mutung, panjenenganipun kagungan pengajeng-ajeng bilih piwucalipun dhateng pasamuwan Korinta, saged katampi lan dados berkah. Paulus boten ngegungaken dhirinipun, nanging Gusti Yesus ingkang sampun nimbali piyambakipun. Pramila kasebataken kados dene tiyang ingkang “mluku kedah mluku kanthi pengajeng-ajeng, tiyang ingkang nggiling kedah nggiling kanthi pangajeng-ajeng nampi pandumanipun”. Mekaten pakaryanipun Paulus ingkang ewed martosaken sih rahmatipun Gusti, ingkang kadhasaran pangajeng-ajeng, boten badhe muspra.
Punapa kita nate semplah salebeting gesang? Punapa nate wonten tiyang sanes ingkang menyangsikankita? Rasul Paulus dados patuladhan, kados pundi anggen kita ngadepi perkawis punika. Kita kedah tetep nggadhahi pengajeng-ajeng lan pitados dhateng Gusti. Pengajeng-ajeng bilih sedaya pakaryan, tumindak lan gesang kita badhe ngedalaken kasaenan kangge sesami kita. Gusti Allah tamtu mitulungi lan nuntun lampah kita, temah kita saged ngedhepi ewding gesang punika. Amin. (AR)
Pengajeng-ajeng dhateng Gusti Allah boten badhe muspra karana punika sumbering kakiyatan kita.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar