Waosan: Lukas 4:38-44.
Pamuji: KPK 116
Nats : “Ibuné maratuwa Simon lagi lara panas lan ana wong sing padha ngaturi pirsa bab kuwi marang Gusti Yésus. Panjenengané nuli nyelaki peturoné sing lara mau, banjur ngusir lelarané.” (ay. 38b-39a)
Pamuji: KPK 116
Nats : “Ibuné maratuwa Simon lagi lara panas lan ana wong sing padha ngaturi pirsa bab kuwi marang Gusti Yésus. Panjenengané nuli nyelaki peturoné sing lara mau, banjur ngusir lelarané.” (ay. 38b-39a)
Wonten satunggaling
warga pasamuwan ingkang nandhang sakit sanget, opname ing Rumah Sakit,
mbetahaken ngaso total. Warga menika priyantun ingkang sae lan kalebet orang
penting ing pasamuwan: mantan anggota PHMJ, Ketua Panitia Pembangunan
Gedung Gereja. Sedherek menika lan brayatipun mboten ngersakaken tiyang kathah
(sedaya warga pasamuwan) nyumurupi anggenipun sakit; namung sawatawis kemawon
ingkang dipun aturi pirsa. Kenging menapa kok mboten ngersakaken tiyang kathah
nyumurupi sakitipun?
Kathah tiyang mboten
mangertos tumindak ingkang prayogi tumrap tiyang ingkang saweg nandhang sakit.
Temah menawi sami nuweni sedherek ingkang sakit mboten ngentheng-enthengi
panandhangipun, nanging malah mengganggu. Ingkang sakit lajeng
mboten saged ngaso, saya sayah karana nyalami tiyang kathah, kamaripun pengab karana
kekathahen tiyang lumebet. Ingkang sakit malah saya kuatos lan ajrih karana
dipun criyosi bab pisakitipun tiyang sanes ingkang wusananipun seda. Ingkang
sakit bingung karana kathah ingkang paring pitutur lan pitedah obat
alternatif, mangka sampun pitados dhateng obat lan perawatanipun dokter.
Kita saged sinau
saking 3 pihak ing waosan kita dinten menika:
1.
“…wong sing ngaturi
pirsa … Gusti Yesus.” Kita ndongakaken ingkang sakit ing griya kita utawi
sesarengan ing greja.
2.
Gusti Yesus.
Panjenenganipun asring lumebet ing kamaripun ingkang sakit namung ngajak
sakabatipun 3. Yen kita sesarengan tiyang kathah nuweni tiyang sakit, kedah
gegantosan mlebet ing kamaripun si sakit; mekaten ugi nalika ndedonga nggih
cekap tiyang sekedhik kemawon.
3.
Marasepuhipun Simon
namung pasrah sawetah. Nanging sareng saras tumunten ngladosi para tamunipun.
Yen kita sakit prayogi kita pasrah sawetah dhateng panguwasanipun Gusti, sarta
nedya lelados dhateng Gusti lan sadaya tiyang menawi sampun saras. [ST]
“Gusti mugi nuntun
kawula, supados sampun ngantos tumindak kawula nambahi panandhanging asanes!”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar