Waosan : Lukas 5: 17-26.
Pamuji: KPK 54
Nats: “He, sadulur, dosamu wis kaapura.” (ayat. 20b)
Pamuji: KPK 54
Nats: “He, sadulur, dosamu wis kaapura.” (ayat. 20b)
Tiyang ingkang sampun kesayahan saking
panandhang, ngalami sakit, kadhang badhe nindakaken punapa kemawon murih
engthenging panandhang lan kasarasaning badan. Umpaminipun, wonten ingkang
ngantos minum toya seni (urine), tamtu toya seninipun piyambak. Tumindakipun
para tiyang ingkang ngandhapaken tiyang lumpuh sapeturonipun wonten ing
ngarsanipun Gusti Yesus punika nelakaken 3 bab ingkang wigatos, inggih punika:
1.
Tiyang-tiyang punika
nggadhahi pangandel ingakng ageng.
2.
Tiyang-tiyang punika
nggadhahi raos pasedherekan ingkang raket kaliyan tiyang lumpuh punika saha
kebak kawelasan.
3.
Mulihaken
sesambetanipun manusa kaliyan Gusti Allah.
Manawi kita jujur, kita sami ngakeni bilih
pangapuntening dosa saking Gusti Allah kita punika dados kabetahan kita ingkang
utami. Tanpa wonten pangapuntening dosa, kita boten saged ngraosaken tentrem
rahayu ingkang sejatos.
Dhawuhipun Gusti Yesus dhateng tiyang lumpuh
“He, sadulur, dosamu wis kaapura” boten ateges Gusti Yesus nganggep tiyang
punika nandhang sakit lumpuh awit dosanipun (kabandhingna Yok. 9: 2; Luk. 13:
1-5). Nanging kanthi pangandika punika Gusti Yesus sampun paring pangapunten
tumrap dosanipun tiyang lumpuh punika. Gusti Yesus boten paring kasarasaning
badan, nanging ugi kabetahaning manusa ingkang utami, nggih punika: pulihing
sesambetanipun manusa kaliyan Gusti Allah. Dosa ingkang medhot patunggilanipun
manusa kaliyan Gusti Allah sampun kasambung malih. Ingkang sakawit lumpuh tur
kebak ing dosa, samangke pulih badan lan karohanenipun. Saiba saenipun manawi
kita saged ngalami kasarasaning badan lan rinengkuh dening Gusti Allah.
Ewasamanten, sumangga blajar rumaos langkung ayem awit dosa kita ingapunten,
tinimbang kasarasaning badan. Nadyan nandhang sakit, boten dados punapa, jer kita
tansah gesang tetunggilan kaliyan Gusti Allah. Sikap nrima lan pasrah dhateng
Gusti Allah punika badhe saged ndadosaken manah kita saestu kraos ayem tentrem.
Sikap nrima lan pasrah tuwin ayeming manah punika saged ngentheng-enthengi
sesanggen panandhang kita. [Dwt]
“Ora apa-apa lara,
sing penting atiku ayem”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar