Senin, 26 Agustus 2013

Padha Raket Rukuna !

Waosan: I Korinta 1: 1- 19. 
Pamuji: 
KPK 319
Nats : “Ewadene kowe dak pituturi para sedulur, marga saka Asmane Gusti Yesus Kristus, kowe kabeh dipadha saiyeg, sarta aja nganti ana pasulayan ing antaramu; nanging kowe padha raket rukuna, tunggal budi sarta tunggal pangrasa” (ay.10)
Nalika taksih alit, kula asring tukaran kaliyan adik-adik kula. Ing salah satugaling wekdal dipunpituturi dening bapak kula mekaten: “aja padha tukaran ta, mundhak rejekine ngadoh saka kita, karana rejeki bakal teka yen kita padha raket lan rukun.” Sanyata punika kabukten saestu, ing wekdal kula sampun dewasa ngraosaken bilih rukun lan raket ing sasedherek punika ndhatengaken berkah.
Pituturipun Rasul Paulus punika mawi landhesan ingkang gumathok. Paulus ngengetaken bilih sesambetanipun para sedherek kaliyan Gusti Yesus Kristus, lan para sedherek punika inggih sedherekipun Paulus lan antawisipun para sedherek punika ingih sami-sami dados sedherek. Karana sedaya sami dados sedherek pramila kedahipun sami saiyeg, boten wonten pasulayan ing antawisipun sesamining sedherek. Sedaya kedah sami raket rukun, tungal budi lan tunggal pangrasa.
Raket rukun punika saged ugi dipun mangertosi sami dene: “Wusana, para sedulurku, padha bungaha, udinen supaya awakmu sampurna. Tampanana sakehing pituturku. Padha di sarujuk, lan padha olaha atut rukun, temahan Gusti Allah etuking sih katresnan lan tentrem rahayu bakal nunggil karo kowe.” (II Kor. 13 : 11).
Gusti Yesus ngersakaken kita sedaya sami raket lan rukun, kados dene Gusti Yesus lan Sang Rama tansah rumaket. Sesambetan ingkang raket lan rukun, sami saiyeg, boten wonten pasulayan, ananging sarujuk, tunggal budi lan tunggal pangrasa badhe nuwuhaken berkah saking Gusti. Berkahipun Gusti badhe lestantun wonten ing gesang kita menawi kita mangun sesambetan ingkang raket lan rukun.
Kita ugi enget paribasan ingkang mekaten: “Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah.” Menawi ngalami pasulayan, agengipun ngantos crah, swawi enggal enget dhateng piwucal dinten punika: “rumaketa lan rukuna,” swawi enggal nyuwun pangapura lan ingapura. [BPur]
Saratipun raket lan rukun: nyuwun ngapura lan ingapura.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar