Selasa, 08 Januari 2013

Kacekapan


Waosan : Markus 6 : 34 – 44
Pamuji : KPK 167 : 1, 2
Nats: “Sawise Gusti Yesus mendhet roti lima lan iwak loro iku, Banjur tumenga ing langit lan mberkahi…” [ayat 41]
Wonten salah satunggaling warta ingkang wonten TV, martosaken bab demo para buruh ingkang nuntut supados gajinipun dipun indhakaken. Kawontenan ingkang kados punika karana para buruh rumaos bilih gaji ingkang dipun tampi punika boten cekap kangge kabetahanipun sadinten-dinten. Pancen yen kita raosaken, gesang jaman samangke, mindhak dinten saya awrat. Kathah kabetahan sae punika bab sandang pangan, bab  ekonomi, bab ragat kangge anak-anak sekolah, ingkang saya mindak lan awis reginipun. Mangkapenghasilan tetep kemawon, boten wonten indhak-indhakanipun. Bab punika ugi ingkang dipun adhepi dening umatipun Gusti jaman punika. Waosan sapunika nyariosaken bab pakaryanipun Gusti Yesus  nyekapi tetedhan kangge gangsal ewu tiyang. Nalika Gusti Yesus lan para sakabatipun tumuju dhateng papan ingkang sepi, kathah tiyang ingkang sami ngetutaken Panjenenganipun. Tiyang-tiyang punika taksih kepengin mirengaken piwucalipun Gusti Yesus. Nalika dinten sampun sonten, para sakabat matur dhateng Gusti, supados Gusti Yesus ndhawuhi tiyang-tiyang punika supados pados tedhan. Saking ngriku Gusti Yesus ngandika dhateng para sakabatipun bilih ingkang paring tedhan kangge tiyang-tiyang punika, inggih para sakabat piyambak. Para sakabat namung nggadhah roti 5 lan ulam 2 ingkang dipun aturaken dhateng Gusti Yesus. Selajengipun Gusti Yesus ndedonga lan mberkahi roti lan ulam punika sarta dipun paringaken dhateng para sakabat supados dipun dum. Sasampunipun dipun dum, sedaya tiyang wau sami nedha kanthi wareg. Roti lan ulam ingkang dipun tedha punika taksih turah 12 wakul.
Pakaryanipun Gusti Yesus ingkang nyekapi lan ngrimati manungsa tetep nyata ngantos dinten punika. Ingkang dados karsanipun Gusti, kita tansah pitados dhateng Panjenenganipun. Gusti Yesus kuwaos nyekapi lan ngrimati gesang kita. Punapa ingkang kita gadhahi, nadyan alit utawi sekedhik, yenkita nyuwun berkah lan kita pasrahaken ing astanipun Gusti, punika saged nyekapi kabetahan kita. Ingkang kedah kita tindakaken namung saossukor dhateng Gusti saben wektu karana sih rahmat lan pakaryanipun ingkang nyata kangge kita. [AR]
“Aja nyawang gedhene kabutuhanmu, Nanging sawangen agunging sih rahmat lan kwasane Gusti!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar