Rabu, 10 April 2013

Kulina Padhang


Waosan: Yokanan 3: 16-21. 
Pamuji: 
KPK 193: 1, 2
Nats : “……Sang Padhang iku wus rawuh ing jagad, nanging manungsa padha luwih rumaket marang pepeteng, tinimbang karo pepadhang…” (Ay. 19)
Budi lan Polan wiwit alit gesang ing swasana kitha. Boten nate dolan ing tengah pategalan utawi sawah, menapa malih ing tengah alas. Ing salah setunggaling dinten tiyang sepuhipun ngajak lare kalih kalawau sami sowan dhateng sedherekipun ingkang lenggah ing padhusunan lan nyipeng ing ngriku. Swasana ingkang enggal babar pisan kaalami dening Budi lan Polan.
Nalika wayah sonten tiyang sepuhipun ngajak lare kekalih mlampah-mlampah ing pategilan. Wit-wit ageng taksih kathah lan kiwa-tengen margi ingkang dipun langkungi taksih kebak grumbul. Nalika wayah nyelaki peteng lare kekalih kalawau enggal-enggal nyuwun wangsul. Ketingal sanget lare kalih kalawau meksa tiyang sepuhipun supados enggal-enggal wangsul. Lare kalih kalawau saestu ajrih mlampah ing pategilan ingkang peteng lan kebak grumbul. Lare kalih kalawau namung mbayangaken bilih ing kiwa-tengenipun kebak memedi.
Waosan pangandikanipun Gusti dinten menika ngengetaken, “……Sang Padhang iku wus rawuh ing jagad, nanging manungsa padha luwih rumaket marang pepeteng, tinimbang karo pepadhang…” (ayat 19). Kita ingkang sampun kaluwaran saking pepeteng bebenduning dosa lan sampun mlebet ing gesang enggal, samenika gesang ing pepadhang. Gesang ing pepadhang menika kedah kita dadosaken pakulinan, awit menawi boten badhe bilai! Dayaning pepeteng menika mboten baen-baen. Sinten ingkang temen-temen mbudidaya ngulinakaken gesang ing pepadhang badhe risih menawi mlampah ing gesang ingkang peteng / awon.
Mekaten wigatosipun kita temen-temen tansah celak kaliyan pepadhang, supados gesang menika temen saged nyunaraken gesang ingkang kakersakaken dening Gusti. [smdyn]
“Saestu endah lan bingah gesang miturut sunaring pepadhang”

Selasa, 09 April 2013

Hanya Sekedar Kenal


Bacaan : I Yohanes 2 : 1-11. 
Pujian: 
KJ 407: 1, 4
Nats: “Barang siapa berkata aku mengenal DIA, tetapi ia tdak menuruti perintahNya, ia adalah seorang pendusta dan didalamnya tidak ada kebenaran” (ayat 4)
Ada salah satu warung soto di Surabaya yang memasang foto para artist ibukota yang pernah berkunjung dan makan di warung tersebut. Karena penasaran saya bertanya, apakah si pemilik  warung itu kenal dengan si artist tersebut. Dengan enteng dia berkata, “saya hanya kenal dia sebagai salah satu artist. Namun saya tidak mengenalnya lebih dekat”.
Sebagai pengikut Kristus, mungkin di rumah kita masing-masing ada gambar Yesus yang terpasang di dinding. Kalau ditanya, gambar siapakah itu? Pasti dengan sangat mudah kita dapat menjawab bahwa itu adalah gambar Tuhan Yesus. Namun jika pertanyaan itu diubah menjadi, “apakah saudara mengenalNya?” mungkin perlu waktu untuk menjawab pertanyaan itu dengan pasti.
Ada perbedaan yang cukup signifikan antara kenal dan mengenal. Sebagai contoh, kita mungkin kenal dengan Rafli Ahmad sebagai artis papan atas Indonesia. Tetapi kita tidak mengenalnya, dan tahu bagaimana pribadinya. Maka ketika ada sebuah kasus hukum mendera dia, kita pun terkaget-kaget mendengarnya. Mengenal disini mengandung makna yang lebih dalam yakni mengetahui lebih dekat dan dalam pada sosok pribadi yang kita kenal.
Apakah kita mengenal Tuhan Yesus sebagai Tuhan dan Juruselamat kita? Jika kita tahu bagaimana pribadi dan teladan yang diberikan Tuhan kepada kita terutama tentang kasih, dan hal itu sudah kita lakukan dengan ketaatan, maka kita memiliki interaksi yang cukup intens dengan Tuhan didalam doa-doa kita. Jika kita melihat ada kekurangan dalam tubuh-Nya, yaitu gereja, maka tidak akan tinggal diam. Jika kita ada domba-Nya, di manapun dan siapapun, yang memprihatinkan, tentunya kita akan menawarkan bantuan, bukan bersikap pura-pura tidak tahu.Itulah tanda bahwa kita mengenal Dia sebagai Gembala kita yang baik. Jika belum, tentu anda dapat menyimpulkannya sendiri…. [oka]
Mengenal Dia sebagai Gembala terlihat dari kualitas hubungan kita dengan Tuhan dan sesama

Senin, 08 April 2013

Nyampurnakna Kabungahan


Waosan : 1 Yokanan 1: 1-10.  
Pamuji :
 KPK90
Nats : “Dene anggonku nulis bab iki mau kabeh marang kowe iku supaya kabungahanku dadia sampurna….” (ayat 4)
Nalika Lambang ulang taun kaping gansal katawis bingah sanget. Kanthi mesam-mesem Lambang nampi hadiah saking tiyang sepuhipun arupi mobil-mobilan remote kados dene ingkang dipun suwun. Salajengipun bapakipun Ndangu: ”Wis ta Le, bapak karo ibu wis nuruti kekarepanmu ta?Saiki sampean wis mahargya ulang taun.” Lambang manthuk ananging taksihmrengut. Ibunipun ndangu:”Apaa kok isik mrengut?” Bocah ingkang nembe jangkep gangsal tahun menika mangsuli:”Buk, mila menika pahargyan ambal warsa? Kok mboten wonten rencang-rencang kula?” Tiyang sepuh kekalih mendel lan sawang-sinawang.
Saking cariyos menika kula sinau: menapa paedahipun kabingahan kita yen namung dipun raosaken piyambak. Waosankitadintenmenika nedahaken dhateng kita bilih kabingahan kaparingaken mboten anamung kagem diri pribadi. Pramila wonten ing ayat 4 kadhawuhaken: “Dene anggonku nulis bab iki mau kabeh marang kowe iku supaya kabungahanku dadia sampurna….” Menapa tegesipun kabingahan miturut serat Yokanan menika?
Sepindhah, kabingahan menika karaosaken krana ngraosaken lan nglampahi gesang (ayat 2). Gesang ingkang dipun kersakaken inggih menika gesang langgeng. Gesang langgeng menika karana gesang kita katunggilaken kaliyan Sang Ramalan Sang Putra, GustiYesus (ay3). Kalih, Karana nglampahi gesang langgeng pramila gesangipun manungsa katandukaken ing pepadhang awit Gusti Allah menika Pepadhang (ay 5). Saben tiyang ingkang ngraosaken tetunggilan kaliyan Gusti Allah kedahipun gesang wonten ing pepadhang. Wonten ing kalih perkawis menika, kabingahan namung dipun raosaken piyambak. Salajengipun menapa paedahipun gesang langgenglan gesang ing pepadhang yen tiyang sanes taksih dereng nggadhahi gesang langgeng lan taksih wonten ing pepeteng? Jatining kabingahan inggih menika menawikabingahan kita menikandamel tiyang sanesugingalamikabingahanmenika. Amin. (to2k)
“Kabungahan dadi sampurna yen agawe wong liya melu bungah.”

Kamis, 04 April 2013

Khotbah


Waosan : Lelakone Para Rasul 3: 11-26. 
Pamuji :
 KPK 195: 1, 2
Nats : “Sarehne wong iku tansah ngetutake marang Rasul Petrus lan Rasul Yokanan, mulane wong akeh kang padha kaeraman banget iku kabeh padha teka ngrubung….”. [ayat 11]
Kotbah inggih punika sarana martosaken sabdanipun Gusti supados saged dipunmangertosi lan dipuncakaken ing lampah pigesangan sadinten-dinten. Asring kita mireng tanggapan saking warganing pasamuwan sasampunipun mirengaken khotbah minggu utawi peladosan sanesipun. Wonten ingkang mastani bilih khotbahipun lucu, marahi ngantuk, cekak ning penak. Wonten ugi ingkang kanthi terang-terangan nyebataken sing khotbah kaya gajah diblangkoni. Pancen kita dipunparingi kasagedan piyambak-piyambak sarta nggadhahi kekirangan martosaken sabda suci. Ananging kadosa pundi kawontenan kita, khotbah punika mboten saged dipunsepelekaken dening peladosipun lan ugi ingkang mirengaken. Sejatosipun kados pundi ciri-ciri khotbah ingkang sae punika?
Khotbah ingkang sae inggih kados dene khotbah Rasul Petrus ing “Bangsal Suleman”. Rasul Petrus dereng mangertos bab ilmu berkhotbah utawi homiletika, kanthi tafsir naratif, diskriptif utawi sanesipun. Ingkang dipunmangertosi bilih ingkang dipunwartosaken inggih pawartos sih rahmat saking Gusti Allah. Mboten dipunkirangi lan mboten dipuntambahi. Menawi ingkang dipundamel conto punika dhirinipun mboten ateges supados ketingal pinunjul, ananging ngantepaken malih bilih Gusti Yesus ingkang makarya, nyarengi lan ngiyataken lampah gesangipun kanthi nyata. Punika ingkang kedah dipungadhahi dening para pengkhotbah. Ingkang dipunpawartosaken inggih namung Gusti Allah lan pakaryanipun piyambak.
Mekaten ugi dhumateng kita ingkang mirengaken. Sampun ngantos kita dhawah karana langkung remen mbiji pengkhotbahipun kemawon. Ananging ingkang langkung kita gatosaken inggih punika punapa dhawuhipun Gusti Allah ingkang kedah kita lampahi. Kita mboten badhe perduli sinten ingkang khotbah, mboten badhe gampil tersinggung menawi pas kaliyan gesang kita. Menawi pengkhotbah lan ingkang mirengaken sampun sami sumadya, kita nyuwun Roh Suci paring kiyat anggen kita nglampahi sesarengan. [PKS]
“Pengkhotbah maupun pendengar sama-sama membutuhkan ketulusan.”


Rabu, 03 April 2013

Tidak Ragu Lagi

Bacaan : Lukas 24 : 13 – 35           
Pujian : 
KJ 376
Nats: “Hai kamu orang bodoh, betapa lambannya hatimu, sehingga kamu tidak percaya segala sesuatu, yang telah dikatakan para nabi! Bukankah Mesias harus menderita semuanya itu untuk masuk ke dalam kemuliaanNya?” (ayat 25-26)
Apabila kita kehilangan orang yang kita cintai, tentu akan sedih, selalu merindukan, ingin bertemu, merasakan kehilangan dan semuanya terasa berakhir. Demikian juga murid-murid Tuhan Yesus mengalami hal yang sama. Mereka tidak mengerti makna dari penderitaan dan kematian Yesus, dan belum percaya akan kebangkitanNya.Sebab, mereka belum melihat langsung kebangkitanNya dengan mata kepala sendiri, walaupun para perempuan sudah menyampaikan bahwa malaikat mengatakan “Ia telah bangkit”. Kebangkitan tidak berarti Ia begitu saja kembali ke dunia.Hubungan yang baru dilakukan secara rohani dengan perantaraan Roh Kudus. Namun demikian Tuhan Yesus juga menampakkan diri kepada murid-muridNya seperti kepada 2 orang murid dalam perjalanan ke Emaus.
Dua orang murid sedang berjalan menuju Emaus (11,2 km dari Yerusalem) berbincang-bincang tentang peristiwa besar yang terjadi yaitu kematian, pemakaman dan kebangkitan Yesus tersebut, dengan wajah kerinduan kepada Tuhan Yesus yang penuh wibawa dan kuasa. Mereka terkejut karena ada orang asing yang tidak mengetahui tentang hal tersebut. Kejutan yang menggembirakan telah menanti ketika mereka tiba di Emaus. Ketika dua orang murid dan orang asing itu berisitirahat makan dimana orang asing itu mengambil roti, mengucap berkat, lalu memecah-mecah dan membagikannya kepada mereka. “Terbukalah mata” kedua murid itu sehingga mengenali bahwa orang asing yang bersama tadi adalah Dia, Tuhan Yesus yang diharapkan bertemu. Namun sebelum mereka mampu berkata-kata, Dia lenyap dari tengah mereka. Peristiwa besar ini merupakan penghiburan bagi para pengikut Kristus yang harus menyadari bahwa untuk masuk ke dalam kerajaan Allah harus mengalami banyak penderitaan dan iman secara mutlak kepada Tuhan Yesus Kristus yang sudah nyata kebangkitanNya. Murid Yesus telah membuktikan dan memiliki iman percaya kepada Tuhan Yesus dengan kebangkitanNya, bagaimana dengan kita? Apakah masih meragukan kebangkitanNya? [Sri]
Tuhan hanya butuh dipercaya. KesedihanNya hanyalah jika Ia diragukan. (Xavier Quentien Pranata)


Selasa, 02 April 2013

“Kula Kinten…”


Waosan : Yokanan 20: 11-18. 
Pamuji : 
KPK264
Nats: Pendanguné: “Ibu, yagéné kowé nangis? Kowé nggolèki sapa?” Maryam ngira wong kuwi juru-taman. Mulané kandhané: “Pak, menawi sampéyan ingkang mindhah layonipun Gusti kula saking ngriki, wonten pundi enggèn sampéyan nyèlèhaken. Mangké badhé kula purugi mrika.” (Ay. 15)
Komunikasi (wawan pangandikan) asring dados sulaya, mboten nyambung, yen salah setunggal utawi kekalihipun namung adhedhasar panginten, mboten mangertos kanthi sayektos wosing pirembagan. Menika ugi saged kedadosan ing satengahing kulawarga, ing antawisipun semah, tiyang sepuh kaliyan anak, sedherek, mantu lan marasepuh.
Komunikasinipun Maryam kaliyan malaekat lan Gusti Yesus ing cariyos kita menika mboten sambung kanthi sae. Jalaranipun, Maryam wewaton panginten. Mbokmenawi pancen nggih limrah menggahing Maryam nalika semanten, ngengeti gempaling manahipun Maryam ingkang kecalan layoning Gusti pepundhenipun, Gusti Yesus. Maryam mboten nyuwun pirsa sinten ta ingkang ndangu menika. Piyambakipun namung nginten tiyang menika juru-taman. Saupami Maryam sumerep sinten sejatosipun ingkang ngandika menika, mesthinipun mboten saya sanget gempaling manahipun. Mesthinipun Maryam enggal uwal saking kasisahanipun, enggal bangkit kakiyatanipun lan gumregah nindakaken dhawuhipun Gusti (ay. 18).Menika kelampahan sasampunipunsumerep yen Gusti Yesus wungu saking kasedan.
Cariyos menika ugi nedahaken bilih sejatosipun Gusti kepingin enggal-enggal ngluwari para pendherekipun saking kasisahan. Nanging manungsa asring kirang tanggap dhateng wujuding pakaryan, katresnan lan karsanipun Gusti.
Kita asring kedangon menggalih panandhang kita, mboten enggal tumandang, utawi malah klintu pemanggih temah klintu tumindak. Yen pancen dereng mangertos, prayoginipun mboten sisah isin nyuwun pirsa, mboten nginten-nginten piyambak.
Sampun sanget-sanget anggen kita mikiraken panandhang kita. Prayogi kita enggal-enggal lan tansah tumenga dhumateng Gusti. Panjenenganipun ugi ngersakaken kita enggal uwal saking panandhang kita. [ST]
“Panandhang dadi saya abot yen dipikir nemen. Panandhang dadi entheng yen kita tumenga mring Gusti.”

Senin, 01 April 2013

Pemandu


Bacaan: Kisah Para Rasul 2: 14, 22-32.
Pujian: 
KJ  409 /415
Nats: “Engkau memberitahukan kepadaku jalan kehidupan;Engkau akan melimpahi aku dengan sukacita di hadapanMu” (Ay. 28)
Pernahkah saudara mendengar istilah ATC (Air Traffic Control)? Ya,ATC bertugas memandu pesawat terbang yang berada di wilayah udara mereka.Peran mereka sangat vital karena berhubungan dengan keselamatan para crew dan penumpang pesawat terbang.Mereka harus cermat dalam mengatur koordinat yang harus dilalui oleh sebuah pesawat untuk menuju ke tujuannya sehingga tidak terjadi tabrakan pesawat di udara.Mereka juga bertugas untuk menyampaikan informasi cuaca kepada pilot pesawat terbang yang sedang atau akan mengudara.Semua itu mereka lakukan agar keselamatan para crew dan penumpang pesawat terjaga.
Hidup kitapun kurang lebih hampir sama dengan pesawat terbang yang sedang mengangkasa,yang tidak pernah tahu apa yang tersembunyi di balik awan yang tebal.Kita juga memerlukan pemandu yang akan mengarahkan jalan mana yang harus kita tempuh.Mungkin kita pernah berfikir bahwa sebagai orang dewasa kita dapat menentukan jalan hidup kita sendiri. Tetapi yang apakah kita yakin bahwa arah yang kita tempuh sudah benar?Atau jangan-jangan,tanpa sadar kita telah menempuh jalan yang salah, yang menuju kebinasaan.
Pada perayaan Pentakosta di Yerusalem,Petrus dengan berani memberikan kesaksiannya kepada orang banyak yang hadir di sana tentang siapa sebenarnya Yesus Kristus yang mati disalibkan dan yang bangkit kembali.Ia meyakinkan mereka bahwa Allah tidak menghendaki umatNya mengalami kebinasaan.Untuk itulah Bapa di sorga telah mengutus Yesus Kristus sebagai Gembala Agung yang akan menuntun seluruh umat ke dalam jalan yang menuju kehidupan.Yesus sendirilah yang akan memastikan keselamatan kita melalui pengorbananNya,serta mengokohkan iman kita agar tidak goyah oleh rupa-rupa pencobaan dunia. Karena itu, seharusnya kita selalu bersyukur atas kepedulian Allah dan mengikuti Tuhan Yesus dengan setia sampai akhir. Amin. (DK)
Pelaut yang handal sekalipun tetap memerlukan kompas untuk bisa sampai ke tujuan.